SEMPOR, KEBUMEN – Unit Taekwondo Dojang Yin Yang Jatinegara nembe bae nggelar acara Buka Bersama sing gayeng pisan nang Desa Jatinegara, Kecamatan Sempor. Ora mung waton madhang bareng, acara kiye dadi wadah nggo nggandheng kabeh elemen penting olahraga Taekwondo nang Kabupaten Kebumen ben tambah kompak.
Sing dadi istimewa, acara kiye ditekani langsung neng Bapak Sunardi, Ketua Taekwondo Indonesia (TI) Kabupaten Kebumen sing anyar, sing jebule ya dadi Anggota DPRD Kebumen. Beliau mrene bareng rombongan staf Bidang Pemuda dan Olahraga (PORA) Kebumen, sisan pethukan karo guru-guru pembina ekskul sekang SD tekan SMA.
Visi Anyar: Taekwondo Kebumen Kudu Moncer!
Nang sambutane, Pak Sunardi katon seneng banget karo inisiatif cah-cah Dojang Yin Yang. Beliau ngenalna jajaran pengurus TI Kebumen sing anyar sisan nggawa misi ben Taekwondo Kebumen tambah mumpuni.
"Matur nuwun sanget nggih undangan bukbere. Nyong pengin ngenalna pengurus TI sing anyar. Tekade awake dhewek siji: nggawa Taekwondo Kebumen luwih maju neng tingkat nasional lan nyetak bocah-bocah sing pinter gelut neng matras nggo nggawa medali," ujare Pak Sunardi mantep.
Handri Supriyono, sing dadi Penanggung Jawab sisan Pelatih Dojang Yin Yang, ya nambahi nek sing jenenge atlet dadi juara kuwe ora ujug-ujug. Kudu ana dhukungan sekang wong tua lan organisasi sing solid.
"Acara kiye murni nggo nyambung paseduluran antarane siswa, wong tua, pelatih, lan pengurus TI. Nek sekolahan, dinas, lan wong tua wis seia-sekata, insyaAllah bibit juara gampang thukule," jere Handri.
Oia, Handri ya mbisiki nek besok Minggu sore Dojang Yin Yang pan nggelar aksi sosial bagi-bagi takjil nang sekitaran dojang.
Ngaji sisan Ngasah Ati
Sedurunge bedug Maghrib muni, acara diisi tausiyah sekang Ustaz asal Selokerto. Pak Ustaz ngelingna nek sasi Ramadhan kuwe wektune nggolet ampunan lan mulyakna wong tua. Beliau ya ndongakna muga-muga para atlet diparingi sehat lan kuwat nglakoni poso sisan tetep semangat latihan ben dadi juara.
Acara ditutup karo donga bareng, salat Maghrib jamaah, terus ramah tamah. Katon pelatih-pelatih sekang unit liyane kaya Unit Alian lan Karanganyar ya melu kumpul, nggabung dadi siji nggo kemajuane Taekwondo Kebumen.
Poin Penting Acara Kiye:
* Konsolidasi: Ngenalna pengurus anyar TI Kebumen maring wali murid lan anggota.
* Sinergi: Nguwatna paseduluran antarane Guru Pembina, Dinas (PORA), lan Wong Tua.
* Karakter: Ora mung pinter tendhang-tendhangan, tapi atlet kudu duwe adab lan spiritualitas sing apik.
Plubiser:red




