Kebumen ORA Ngapak ORA Kepenak Blckasoetakebumen.com – Kabar nutupe Jembatan Karanganyar mulai Jumat, 10 April 2026 wis dadi omongan anget ing warung-warung kopi.
Senajan pamrentah njamin ana jalur alternatif, penutupan total sing suwene sewulan kiye diprediksi nggawa dampak gede nggo kabeh lapisan masyarakat.
Nang tengah-tengah pro-kontra kiye, swara kritis teka seka Kirana Saputri, salah siji tokoh pengamat lokal sing aktif ngawal isu-isu perempuan ing Kebumen. Miturut Kirana, kebijakan kiye butuh perhatian khusus, utamane dampak maring aktifitas lan ekonomi kaum perempuan.
Jalur Alternatif: Solusi utawa Masalah Anyar nggo Wong Wadon?
Skema pengalihan arus wis disiapna:
* Kendaraan Gedhe/Bus (Jalur Abang): Kudu muter adoh liwat Adimulyo → Petanahan → JLSS (Lintas Selatan).
* Kendaraan Cilik (Jalur Biru): Diarahna liwat Meles utawa Adimulyo.
Nanging, Kirana Saputri ngelingna ana risiko sing asring luput seka perhatian pejabat.
"Aja mung mikir dalane muter, nanging deleng sapa sing paling krasa. Wong wadon Kebumen kuwi rata-rata 'pejuang ekonomi' keluarga. Wong wadon sing dodolan ing pasar Gombong, Karanganyar ,guru sing kudu mangkat esuk, utawa buruh pabrik, kabeh bakalan kena dampak. Jalur muter tegese wektu tempuh luwih suwe lan biaya transportasi mundhak. Kiye dadi beban tambahan nggo dapur keluarga," tegas Kirana.
Keamanan Jalur Alternatif Dadi Sorotan Utama
Kirana uga mratelakake rasa kuatire babagan keamanan ing jalur alternatif, utamane nggo pengendara motor perempuan.
"Jalur liwat Meles utawa Adimulyo kae mbok rada sepi nek wengi, lan dalane ora sepira amba. Nek kabeh numpuk ing kono, risiko kacilakan lan kejahatan jalanan bisa mundhak. Pamrentah lan Polisi kudu njamin penerangan dalan sing padhang lan patroli sing kerep, utamane ing jam-jam budhal lan bali kerja," tambah Kirana.
Desakan nggo Pelaksana Proyek: "Aja Suwe-Suwe!"
Senajan kabeh pihak ngerti renovasi Jembatan Karanganyar pancen penting nggo keselamatan jangka dawa, Kirana Saputri negasna nek wektu sewulan kuwi wektu sing kritis nggo kelangsungan aktifitas warga.
"Dandanane kudu bener, nanging wektune aja nganti molor. Saben dina penutupan kuwi ana regane nggo masyarakat.
Pihak pelaksana proyek kudu transparan lan nggarap proyek kiye kanthi cepet lan tuntas. Aja nganti warga, utamane kaum perempuan, sing dikorban-na luwih suwe," pungkas Kirana kanthi nada tegas.
Himbauan nggo Sedulur Kabeh:
* Golek Informasi Sing Jelas: Deleng denah lan petunjuk jalan kanthi tliti.
* Atur Wektu: Mangkat luwih esuk ben ora telat.
* Waspada: Aja dhewekan nek liwat dalan sepi, utamane ing wengi dina.
Laporan: Tim Redaksi blckasoetakebumen.com
Sumber Utama: Denah Sosialisasi Proyek & Wawancara Khusus Kirana Saputri

