🏡 KANTOR REDAKSI BLAKASUTA NEWS: DESA KALIBEJI RT.04 RW.01 KEC.SEMPOR — KAB.KEBUMEN, 💯 APA ADANYA, UNTUK INDONESIA 🇮🇩

Pembangunan Jalan Lingkar RW 03: Sinergi Warga Desa Bonosari, Gotong Royong Nyata Kanggo Infrastruktur Berkelanjutan


Blackasoetakebumen.com.Ora ngapak ORA kepenak Sempor, 14 Juni 2026.Semangat gotong royong warga Desa Bonosari, Kecamatan Sempor, Kabupaten Kebumen, pancen ora ana matine. Saiki warga maning gawe sejarah, bahu-membahu mbangun infrastruktur lokal sing migunani kanggo kabeh.

Proyek pembangunan jalan lingkar antar RT neng wilayah RW 03, sing dawa bentangane sekang perempatan Bpk Misno tekan ngarep omahe Bpk Giman, saiki lagi digarap tenanan. Warga nggarap ora asal-asalan, nanging nganggo standar kualitas sing apik supaya dalane awet, ora gampang rusak, lan mobilitas warga dadi kepenak kanggo jangka dawa.



Proyek iki dawane 120 meter lan ambane 3 meter. Iki wujud nyatane karepe warga sing pengin nduwe akses dalan sing representatif. Kerjane ora mung ngandelna tenaga swadaya, nanging ya dibantu sistemik sekang pemerintah lan para donatur sing peduli karo majune Desa Bonosari.

Transparansi Pengelolaan Anggaran

Salah siji sing nggawe proyek iki sukses yaiku manajemen keuangan sing akuntabel lan transparan. Total dana sing kekumpul yaiku Rp 24.617.500, dadi ngluwihi Rencana Anggaran Biaya (RAB) awal sing cacahe Rp 22.755.000. Dhuwit sisan kuwe bakal dikelola kanthi transparan kanggo tahap pembangunan sabanjure, supaya saben rupiyah sekang donatur pancen bener-bener dadi wujud fisik sing migunani kanggo lingkungan.

Daftar Partisipasi Donatur




Pembangunan iki bisa kelakon amarga kontribusi sekang macem-macem pihak, mulai sekang masyarakat umum, tokoh masyarakat, tekan dhukungan material sekang instansi kaya SECATA Gombong lan kawigaten khusus sekang Ibu Bupati. Daftar donatur sing wis melu partisipasi yaiku:

Saldo donasi tahap siji Rp 959.500, Bpk Darsono (sumbangan pasir), Tamto Rp 200.000, Bpk Ngadirin Rp 600.000, Bpk Mudan Rp 100.000, Bpk Misno lan keluarga (6 sak semen), Bpk Faif Rp 200.000, Bpk Eko Ranti Rp 300.000, Bpk Mohammad Tholib Rp 100.000, Bpk Vidi Rp 200.000, Bpk Yanto/Samini Rp 150.000, Bpk Mandik Rp 100.000, Bpk Sunaryo/Gotur Rp 100.000, Bpk Budisukir Rp 100.000, Almarhum Mbah Sanmiarjo Rp 250.000, Almarhum Bpk Ahmad Suhadi lan Almarhumah Ibu Sarinem Rp 400.000, Mba Riti Rp 300.000, Lasimun Rp 150.000, Mohamad Fadlan Rp 100.000, Bpk Wiryadi Rp 100.000, Bpk Kasiman Rp 300.000, Bpk Sukiran Rp 200.000, Bpk RT Heri Faimun Nandar sekeluarga Rp 300.000, Tambahan Bpk RT lan keluarga Rp 200.000, Kas RT 01 Rp 1.500.000, Almarhum Bpk Sanmiardi Rp 500.000, Ibu Eni Rp 500.000, Bpk Hayat Kurniawan Rp 500.000, Bpk Slamet Fiberglass Rp 150.000, Pak Amin Gorden Karangjati Rp 250.000, Bpk Dasiman (5 sak semen), Bpk Iswanto Rp 200.000, Mas Manis Rp 200.000, Bpk Sartiman Rp 200.000, Almarhum Bpk Sanduryat lan Ibu Rp 200.000, Mba Sukarti Rp 100.000, Bpk Tukimin/Surip Rp 100.000, Bpk Waris Rp 150.000, Pak Jefri Rp 150.000, Ibu Bupati Rp 1.000.000, Pak Edo Rp 300.000, Pak Kaji Supri Rp 200.000, SECATA Gombong (50 sak semen), Bpk Saino Rp 1.360.000, Mas Rizky Priyatna Rp 400.000, Bpk Beja Rp 500.000, Bpk Tejo Rp 100.000, Almarhum Ibu Ponisah Rp 500.000, Bpk Saiman Rp 100.000, Ibu Mur/Pak Simun Rp 200.000, lan Bpk Mandik Rp 100.000.

Strategi Pelaksanaan lan Tahapan Pembangunan

Pengerjaan dalan dilakoni secara bertahap supaya asil beton-e optimal. Tahap siji fokus maring kebutuhan dhasar. Terus tahap loro nganggo 60 sak semen, 14 kibik watu split, obat pengeras beton, sewa molen, lan gawe prasasti. Ana belanja susulan maning kanggo nambah obat pengeras, perlengkapan kerja, sarta 15 sak semen lan 3 kibik watu split supaya strukture dalan bener-bener manteb. Total semen sing entek nggo proyek iki yaiku 136 sak.

Panitia pembangunan ngaturaken matur nuwun sing sakgedhe-gedhene maring kabeh warga lan donatur sing wis peduli banget. Semangat kekeluargaan sing kaya kiye mugo-mugo bisa dadi conto kanggo wilayah liya neng Desa Bonosari supaya bisa mandiri mbangun lingkungane dhewek. Kanggo warga sing pengin terus mbantu, panitia tetep transparan, saben donasi bakal dicatet neng rekening resmi panitia.

Muga-muga kabeh kebecikan lan pengabdian para donatur dadi amal jariyah sing terus mili, lan dalan iki dadi manfaat gedhe kanggo mobilitas lan kesejahteraan warga Desa Bonosari neng tembe mburine. Aamiin.

Plubiser Red 


Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Newsletter

Copyright

Formulir Kontak