🏡 KANTOR REDAKSI BLAKASUTA NEWS: DESA KALIBEJI RT.04 RW.01 KEC.SEMPOR — KAB.KEBUMEN, 💯 APA ADANYA, UNTUK INDONESIA 🇮🇩

Batal, Lur! Penjaringan Perangkat Desa Kedungpuji Gombong Kena Semprit Kecamatan Jalaran Cacat Prosedur


Blackasoetakebumen. Com, ora Ngapak Ora Kepenak, - GOMBONG — Jagat birokrasi Desa Kedungpuji, Kecamatan Gombong, Kabupaten Kebumen, nembe bae geger. Rencana ngisi perangkat desa sing maune wis mlaku terpaksa mandheg total. Pihak Kecamatan Gombong mutusna ora gelem ngekei rekomendasi, sing artine kabeh tahapan penjaringan sing wingi sempat mlaku otomatis dibatalke merga dianggep nabrak aturan lan cacat prosedur. 

Rapat penting sing diadili nang Balai Desa Kedungpuji kuwe ditekani langsung gemblengan karo Pak Camat Gombong, Polsek, Koramil, BPD, Lurah, perangkat, lan panitia seleksi. Kumpulan kuwe bener-bener dadi penentu nggo nglurusaken kahanan sing sempet dadi gunemanane warga.

Saka hasil evaluasi sing mateng, usulan rekomendasi nggo ngisi kursi Kepala Dusun Pucang lan Kepala Dusun Kedunglo terpaksa digugurna merga formasine jebule durong kosong.

Ndeleng aturan Pasal 14 Ayat 4 Perbup Kebumen Nomor 43 Tahun 2019, ngisi jabatan perangkat desa sing kosong kuwe wajib liwat aturan sing bener. Ning nyatane, formasi Kadus Pucang isih dicekel Fauzun adhedhasar SK Lurah Kedungpuji No. 141/10/479/2022. Bareng karo Kadus Kedunglo sing jebule isih didandani Jamatus adhedhasar SK No. 141/10/372/2017. Lha merga wong-wong kuwe sejatine durong mandheg utawa formasi durong bener-bener kosong, usulane dadi mental!

 Tanggapan Pak Lurah Kedungpuji

Bareng krungu putusan penolakan lan evaluasi saka kecamatan, Pak Lurah Kedungpuji gelem mbukak suara lan aweh penjelasan maring warmentalm Nampa Keputusan: Pihak pemdes nerima lan ngajeni kabeh evaluasi lan putusan saka kecamatan utawa bagian pemerintahan terkait penolakan proses penjaringan iki.

Jebule Mutasi Durong Mandheg: Lurah njelasna yen penolakan iki merga formasi sing diajukna durong sah kosong. Usulan mutasi sing biyen diajukna pihak desa jebule isih proses lan SK-ne durong mudhun, dadi langkah njaluk rekomendasi wingi kebacut kedhisikan.

 Siap Nututi Aturan:  Pemerintah desa janji bakal tetep manut jalur hukum sing bener. Yen keputusane kudu dibatale, pihak desa siap nurut lan ora bakal nggresula utawa nggawe polah aneh-aneh neng njaba aturan.

Peserta Seleksi Ngomel, Njaluk Ganti Rugi!

Neng sisi liya, para peserta seleksi sing melu-melu keno getih merga acara iki batal mung bisa kecewa abot. Wong-wong mau sambat, jarene nggo ngurus kabeh syarat administratif, deweke wis entek akèh ragad lan kangelan mbuwang wektu.

 Ora trima merga aran dirugiaken amarga keteledoran panitia, para peserta saiki malah duwe rencana arep teka maring Ketua BPD. Tujuane siji: njaluk kejelasan lan takon perkara ganti rugi ragad sing wis kentek, maring sing tanggung jawab!

Kasus neng Kedungpuji iki bener-bener dadi pangeling-eling nggo desa liyane. Besok-besok, masalah administrasi, validasi data, lan manut karo aturan kuwe harga mati sing ora kena ditawar maning.

Publiser Red


Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Newsletter

Copyright

Formulir Kontak