🏡 KANTOR REDAKSI BLAKASUTA NEWS: DESA KALIBEJI RT.04 RW.01 KEC.SEMPOR — KAB.KEBUMEN, 💯 APA ADANYA, UNTUK INDONESIA 🇮🇩

Suka Cita Manglingi Badan: Senenge Pol, Senajan Dompet Lagi "Sambat"

 


KEBUMEN,  ORA ngapak ORA kepenakblckasoetakebumen.com – Swasana nuju dina kemenangan utawa Badan wis wiwit krasa semriwing nang pelosok Kebumen. Senajan penetapan dina riyaya sempet nggawe warga nunggu-nunggu—antarane dina Jumat apa Setu—nanging kuwe mau kabeh ora nyuda rasa bungah sing ana nang jero ati.

Salah siji warga sing jenenge Sariman Wijaya, mratelakna rasa senenge sing ora karuan. "Enyong krasa senenge pol, ati rasane sumringah ora karuan merga wes nyedhaki dina Badan maning," ucare kanthi rai sing sumringah.

Dilema "Sandhang-Pangan" vs Dompet Tipis

Kaya sing wis dadi tradisi, kesibukan nang jero umah dadi tambah rame. Anak lan bojo wis wiwit repot nyiapna sakabehane, mulai saka menu panganan sing nggugah selera nganti klambi anyar nggo "pamer" nang silaturahmi mengko.

Nanging, nang balik kemeriahan kuwe, ana crita perjuangan para "Bapak" utawa wong lanang. Fenomena "Jiaaaan..." dadi curhatan batin pas ndeleng daptar belanjaan bojo sing pengine kabeh dituku supaya keton apik.

 "Wong lanang mung iso ngelus dada. Pengine nyenengna keluarga, tapi kondisi keuangan lagi ora pati jembar," tambah sariman Wijaya karo ngguyu pait.

Sing Utama Dudu Anyare, Tapi Berkahe

Senajan ana rasa "kurang marem" angger ora nganggo klambi anyar, warga Kebumen tetep eling marang hakekat Badan sing saktenane. Ngatur keuangan dadi kunci utama supaya kabeh kabutuhan tetep kecukupan tanpa kudu "ngoyo" sing kliwat batas.

Sing dadi inti sekang riyaya kuwe dudu soal kemewahan, nanging:

 * Rasa Syukur: Muji syukur marang Gusti Allah merga isih diwei umur tekan Badan.

 * Kesabaran: Percaya nek Gusti Allah kuwe adil nggo wong sing ikhlas.

 * Paseduluran: Momen nggo kumpul keluarga lan saling ngapura (halal bihalal).

Pungkasane, Badan kuwe dadi wektu nggo nentremna ati. Senajan dompet lagi "sambat", sing penting paseduluran tetep raket lan ati tetep bahagia temenan.

Penulis: *Sariman Wijaya*

Editor: Blakasuta News Team

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Newsletter

Copyright

Formulir Kontak