🏡 KANTOR REDAKSI BLAKASUTA NEWS: DESA KALIBEJI RT.04 RW.01 KEC.SEMPOR — KAB.KEBUMEN, 💯 APA ADANYA, UNTUK INDONESIA 🇮🇩

PSI Jateng Targetna Barlingmascakeb Dadi 'Kandang Gajah' neng Pemilu 2029

 


BLAKASOETAkebumen.com .CILACAP – Partai Solidaritas Indonesia (PSI) wis wiwit "manasna mesin" adoh-adoh dina nuju Pemilu 2029. Ketua Dewan Pimpinan Wilayah (DPW) PSI Jawa Tengah, Antonius Yogo Prabowo, optimis banget nek wilayah Barlingmascakeb (Banjarnegara, Purbalingga, Banyumas, Cilacap, lan Kebumen) bakal dadi basis massa "Kandang Gajah" nggo Partai Sangat Terbuka kiye.

Omongan kuwe disampaikna nang Mas Bro Yogo wektu acara silaturahmi bareng pengurus DPD PSI se-Barlingmascakeb neng Cilacap, Jemuah (6/3/2026) bengi.

Strategi Nguatna Struktur Nganti Tekan Desa

Neng acara sing dibarengna karo buka puasa bareng kiye, Bro Yogo negasna nek seduluran antar pengurus daerah kuwe kunci sing paling utama. Deweke nginstruksikna kabeh DPD supaya gercep (gerak cepet) ngrampungna struktur kepengurusan nganti tekan tingkat ranting utawa desa-desa.

"Pertemuan kiye dudu mung nggo kumpul-kumpul buka bareng bae, tapi dadi wektu nggo evaluasi lan nyawijikna langkah. Nyong njaluk kabeh DPD neng wilayah Banyumas Raya ngrampungna struktur organisasi men bener-bener siap ngadepi verifikasi faktual Pemilu 2029," ujare Bro Yogo.

Minangka Partai  Sangat Terbuka, Bro Yogo uga seneng banget ndeleng kader neng lapangan sing srawung karo masyarakat tanpa pilih kasih. Miturut deweke, cara sing "nguwongna wong" lan mbukak lawang nggo sapa bae kuwe dadi jati dirine PSI siki sing dudu partai eksklusif maning.

Optimis 'Kandang Gajah' Dudu Mung "Abab"

Istilah "Kandang Gajah" sing digawa kuwe tujuane supaya PSI bisa dadi panguasa suara neng wilayah Jawa Tengah bagian kidul. Bro Yogo ngrasa nek kekompakan sing dituduhna pengurus daerah siki dadi modal politik sing larang regane.

"Seduluran lan kerja kerase kanca-kanca neng wilayah kiye jan ngerem-eremi banget. Nyong yakin kiye dadi modal kuat nggo 'perang' neng pemilu besok. 'Kandang Gajah' kuwe dudu mung slogan utawa omong kosong (abab), tapi target sing siki lagi dibuktikna prosese dening kabeh kader Partai Sangat Terbuka," tegese.

Komitmen Daerah: 

Mbangun Sekang Ngisor

Senada karo DPW, Ketua DPD PSI Cilacap, Edy Santoso—sing akrab diceluk Bos Edy—minangka tuan rumah, nyatakna siap ngerahna tenaga nggo nambah kader-kader anyar sing sejalan karo semangat partai sing Sangat Terbuka.

"Kuncine nggede-na partai ya kudu nguata-na kepengurusan sekang tingkat DPD, DPC, nganti tekan DPRt. Nek strukture wis kenceng, awake dewek bisa nyetak kader-kader militan sing siap kerja nyata nggo rakyat," jare Bos Edy.

Acara kiye dadi tanda nek PSI Jawa Tengah wis wiwit nggoleti tokoh-tokoh sing dadi "jagoan" lan calon legislatif (bacaleg) luwih gasik, men kualitas wakil rakyat sekang Partai Sanga pancen paten lan bener-bener makili swarane wong cilik neng periode ngarep.

Sumber humas DPD PSI kebumen 

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Newsletter

Copyright

Formulir Kontak