Blakasutajebumen .com ,KEBUMEN – Suasana gayeng lan kebak paseduluran katon nang Desa Tanggulangin, Kecamatan Klirong, wektu Anggota DPRD Kebumen sekang Fraksi Gerindra, Bapak Sunardi, nganakna Reses Masa Sidang II, Rebo (4/3). Acara kiye dadi wadah silaturahmi sekaligus buka bareng karo tokoh masyarakat Dapil 2 (Klirong, Petanahan, Pejagoan).
Poin Penting Hasil Reses:
* Apresiasi Sekang Desa: Lurah Tanggulangin matur nuwun pisan merga Pak Sunardi wis mbuktekna janjine ngawal pembangunan nang desa. Warga dikongkon blaka suta nyampekna uneg-uneg nggo kemajuan bareng.
* Bukti Nyata Aspirasi: Pak Sunardi mbeberna bantuan sing wis mudun, antarane:
* Babagan Tani: Traktor lan alat mesin tani (alsintan) nggo Gapoktan ben kerjane luwih kepenak lan asile melimpah.
* Babagan Agama: Bantuan semen lan dana nggo pembangunan Masjid Baitul Akmal, Baitul Mutakin, sarta pirang-pirang mushola nang Dapil 2.
* Aja Cilik Ati: Nggo warga sing usulane durung mudun, Pak Sunardi pesen ben tetep optimis. Deweke janji pan terus ngawal usulan mau liwat jalur kabupaten, provinsi, utawa pusat.
> "Sing usulane durung metu, aja cilik ati. Inyong tetep usaha semaksimal mungkin ngawal aspirasi panjenengan kabeh. Kiye amanah sing kudu diperjuangna," omonge Pak Sunardi mantep.
Acara sing ditekani dening perangkat desa, tokoh masyarakat, Polsek, lan media kiye ditutup nganggo donga bareng lan buka puasa. Intine, sinergi kiye dadi kunci ben pembangunan nang Kebumen makin moncer.
Plubiser:red





