🏡 KANTOR REDAKSI BLAKASUTA NEWS: DESA KALIBEJI RT.04 RW.01 KEC.SEMPOR — KAB.KEBUMEN, 💯 APA ADANYA, UNTUK INDONESIA 🇮🇩

Gebyare Alun-Alun Pancasila: Wong Jambi bae Nganti Teka Maring Kebumen!

 


KEBUMEN, ORA ngapak ORA kepenak Blckasoetakebumen.com – Suasana wengi Minggu nang Alun-Alun Pancasila Kebumen pancen ora ana tunggale. Senajan langit katon mendung kandel, Minggu (4/4/2026) wengi, ewonan warga tetep ngebaki pusat kota nggo nggolet hiburan lan ngilangne kesel bareng keluarga.


Sing dadi primadona lan nggawe wong ketagihan ya kuwe mendoan khas Kebumen. Ambune sing gurih lan semerbak neng saben pojokan alun-alun nggawe sapa bae sing liwat dadi ngelih. Sing nggumunake, sing teka neng kene dudu mung wong lokal bae. Jebule ana rombongan pengunjung sing adoh-adoh teka seka Jambi, Sumatra.

Kulineran lan Karaokean Rakyat


Yesi, Bela, karo Yuki, rombongan seka Sumatra kuwe ngaku nembe pisanan ngrasakne ramene wengi Minggu nang Kebumen.

 "Seneng pol bisa dolan neng kene. Makanane enak-enak, suasanane ya urip lan meriah pisan," ujare Yesi karo sumringah ngrasakne mendoan anget.


Ora mung urusan weteng, hiburan rakyat uga dadi magnet utama. Ana panggung karaokean terbuka sing dikelola dening Bang Yanto. Neng kene, sapa bae oleh munggah panggung nggo pamer suara emas utawa sekadar nguji mental neng ngarepe wong akeh.

"Tujuane nggo ngibur masyarakat Kebumen lan sekitare. Monggo sapa bae sing pengin nyanyi, bebas lan gratis," jarene Bang Yanto. Dheweke nambahna nek hiburan kiye rutin digelar saben wengi, kecuali wengi Jumat karo wengi Selasa sing pancen dadi jadwal prei.

Panggonan Rekreasi Keluarga sing Komplit

Liyane kuliner lan musik, Alun-Alun Pancasila uga ramah nggo bocah-bocah amarga kasedhiya pirang-pirang dolanan. 

Wong tuwa bisa jongkok santai sinambi ngrungokne musik, dene bocah-bocah padha dolanan kanthi bungah.

Akeh pengunjung sing nduwe pengarep-arep supaya Alun-Alun Pancasila Kebumen kedepane bisa:

 * Luwih tertib lan resik penataane.

 * Tambah rame nanging tetep aman nggo sapa bae.

 * Dadi percontohan nggo daerah liyane babagan pengelolaan fasilitas publik.

Kanthi fasilitas sing tambah komplit, Alun-Alun Pancasila saiki wis dadi titik kumpul paling favorit nggo sapa bae sing pengin ngrasakne angete paseduluran lan meriahe hiburan rakyat neng Bumi Tirta Praja.


 Royo

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Newsletter

Copyright

Formulir Kontak