🏡 KANTOR REDAKSI BLAKASUTA NEWS: DESA KALIBEJI RT.04 RW.01 KEC.SEMPOR — KAB.KEBUMEN, 💯 APA ADANYA, UNTUK INDONESIA 🇮🇩

Ketimpangan Ekonomi lan Protes Kebijakan Publik Dadi Pemicu Demo Gede-gedean nang Kebumen



Kebumen Blackasoetakebumen.com ORA ngapak ORA kepenak - Ratusan mahasiswa sing gabung nang aliansi Pergerakan Mahasiswa Islam Indonesia (PMII) Kabupaten Kebumen nggelar aksi demo gede-gedean neng ngarep Pendopo Kabumian lan Gedung DPRD Kabupaten Kebumen, dina Senin (15/6/2026).

Massa ngetokna rasa sumpek lan ora trima karo akehe masalah ekonomi lan kurangé transparansi neng pengelolaan program-program strategis daerah.


Aksi sing diwiwiti karo longmarch sekang Gedung Haji kuwe, nyoroti dampak kenaikan rega BBM non-subsidi sing nggawe biaya urip masarakat cilik dadi tambah abot. Pas lagi kahanan ekonomi sing rekasa kaya kiye, para pengunjuk rasa ngeritik tajam masalah ketimpangan sosial sing keton banget bedane antarane uripe warga karo kondisi ekonomi para pejabat sing nggawé kebijakan neng daerah.

Ketua PC PMII Kebumen, Syarif Hidayatullah, pas lagi orasi ngomong nek pemimpin daerah kudune dadi garda terdepan nggo nanggapi susahe rakyat. Dheweke nyebut ana ironi sing nyata, neng ngendi tingkat kemiskinan neng Kebumen kiye esih dhuwur, tapi ana persepsi publik nek ketimpangan ekonomi kuwe keton banget kontras karo profil kekayaane kepala daerah.

Ora mung masalah ekonomi, massa aksi ya nuntut transparansi pemerintah daerah soal program Makan Bergizi Gratis (MBG). Mahasiswa nanyain soal pengelolaan puluhan dapur program kuwe sing diduga dijalankna lewat Yayasan Trada tanpa ana keterbukaan publik sing cetha.

Teguh Purnomo, SH., sing melu ndampingi mahasiswa, nekenna pentinge ruang dialog sing inklusif antarane pemerintah karo rakyat. Sempat ana ketegangan neng ngarep gerbang Pendopo pas massa nyoba nembus barisan aparat keamanan gara-gara ora ditemoni karo pihak eksekutif nggo audiensi.

Sawise nunggu pirang-pirang jam, perwakilan mahasiswa akhire ditemoni karo Wakil Bupati Kebumen. Tapi, massa tetep ngrasa kecewa mergane tuntutan utama nggo dialog langsung karo Bupati durung bisa kelakon. Nggo mahasiswa, kehadirane Bupati selaku pemangku kebijakan paling dhuwur kuwe penting pisan nggo menehi klarifikasi langsung soal macem-macem polemik sing lagi rame.




Ora mandheg neng Pendopo, massa terus gerak maring Gedung DPRD Kabupaten Kebumen. Nang kono, dheweke pada ngritik keras mekanisme public hearing utawa dengar pendapat sing dianggep ora menehi ruang partisipasi sing bener nggo masarakat. Praktek menehi undangan sing dadakan kuwe dianggep dadi upaya sistematis nggo mbatesi keterlibatan publik pas lagi ngkaji kebijakan daerah.

Mahasiswa negesna nek rangkean aksi kiye dadi upaya nggo meksa pemerintah daerah supaya nggunakna maning "omah rakyat" dadi ruang transparansi, dudu dadi "menara gading" sing adoh sekang realitas uripe warga. Dheweke ngancem bakal ngerahna massa sing luwih akeh maning angger dialog terbuka lan transparan ora enggal difasilitasi karo pemerintah daerah.

Nganti berita kiye digawe, pihak Pemerintah Kabupaten Kebumen durung menehi pernyataan resmi soal poin-poin tuntutan sing disampekna karo aliansi mahasiswa kuwe.

Plubiser Red 

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Newsletter

Copyright

Formulir Kontak