Blackasoetakebumen. Com ora ngapak ora kepenak , Kebumen 27 JULI 2026 – Pembangunan saluran irigasi gho sawah nang Desa Kalibeji, Kecamatan Sempor, Kabupaten Kebumen seprene wis mlebui tahap pungkasan. Nganti akhir Juli 2026 kiye, pengerjaan fisike wis tekan udakara 80 persen lan diprakirakna rampung pas sesuai target.
Proyek kiye dilaksanaaken lumantar Program Percepatan Peningkatan Tata Guna Air Irigasi (P3-TGAI) Tahun Anggaran 2026 nang ngisor pengawasan Balai Besar Wilayah Sungai (BBWS) Serayu Opak, Kementerian Pekerjaan Umum. Pembangunan sing ngentekna anggaran Rp195.000.000 kiye digarap secara swakelola dening Kelompok P3A Puji Lestari.
Ketua P3A Puji Lestari, Yatino alias Kadir, ngandhakna rasa puji syukur lan matur nuwun banget maring pemerintah pusat lan daerah sing wis ngandani perhatian nyata gho para petani nang Desa Kalibeji. Menurut dheweke, kabeh tahapan pembangunan dilaksanaaken kanthi transparan lan sesuai pituduh teknis operasional saka dinas terkait.
"Inyong sekeluarga lan warga ngaturaken matur nuwun banget maring pemerintah atas bantuan irigasi kiye. Kabeh pengerjaan digarap dewek (swakelola) manut regulasi lan panduan teknis saka dinas, ben hasile kokoh, berkualitas, lan awet tahan suwe," omonge yatino pas ditemoni nang lokasi proyek, Senen (27/7).
Padha karo kuwe, salah siji tokoh masyarakat Desa Kalibeji ya melu nyampekna rasa matur nuwun maring pihak pemerintah lan para wakil rakyat, khususe saka PKS, sing wis gelem krungu lan memperjuangkan aspirasine warga nganti program bantuan saluran irigasi kiye biso keleksanan.
"Anane saluran beton kiye penting banget gho keberlangsungan pertaniam warga. Angger banyu mili lancar lan teratur, banyune biso dimanfaatna kanthi maksimal. Dadi pangharapane biso ngundhakna hasil lan kualitas panen para petani nang mburi dina," ujare.
Dheweke uga nambahna, Desa Kalibeji nduweni potensi lahan sawah sing lumayan jembar, yaiku nganti udakara 100 hektar. Lahan semono kuwe mencakup kawasan sing dialiri Daerah Irigasi (DI) Sempor lan uga sawah tadah hujan.
Nginget jembare area sawah nang wilayah kiye, warga nduwe pangarep-arep ben program peningkatan infrastruktur pertanian sing model kaya kiye biso terus berlanjut lan njangkau titik-titik sawah liyane nang dina mbesuk.
Red




