KEBUMEN GOMBONG – Nek sampeyan dolan ming Desa Kemukus, ana bangunan tembok werna ijo kusem tulisane "Peternakan Terpadu BUMDesma Manggala Praja Gombong". Tapi kondisine siki ngenes banget, wis kaya monumen sing ora diurus. Kandange suwung, pating slering, tur ora ana ambu-ambune kemajuan blas.
Sing kudune dadi wadah golek dhuwit bareng-bareng nggo desa, malah siki dadi suwung pating nggrembel suket.
Nang njero kandang wis ora ana swara sapi , anane mung gerobak teyengen karo mobil kol (pick-up) sing mangkrak dipangan tiyeng nang tengah suket .
Dhuwit Atusan Juta Bablas mbuh ning Endi?
Kabar sing beredar, modal sing mlebu ming BUMDesma kiye jebule ora sithik, jan ngeri banget:
* Taun 2022: Jarene saben desa setor modal Rp100 juta, terus taun ngesuke ya isih setor puluhan juta maning.
* Bantuan Dinas: Ana bocoran nek dinas tau nggrojok bantuan sekitar Rp500 juta nggo mbangun kandang karo tuku bibit sapi.
Warga sakiwa tengene ya bingung, "Mbiyen sapine akeh, siki kok entek ora ana? Lah mbuh mlayu ming endi," jare salah siji warga sing gumun weruh kandange siki dadi melompong.
Penguruse Kaya "Setan", Angel Temen Ketemune
Sing dadi pitakonan gedhe, penguruse kiye nang endi?
Pas diparani media, Direktur Utamane ora tau ana. Sekretaris karo Bendaharane ya padha bae, "licin" kaya welut, angel temen ditemoni nggo kon klarifikasi.
Sing luwih parah:
* Karyawan: Ana sing ngaku digaji Rp1,2 juta sebulan, tapi jare pimpinane pancen arang ngantor.
* Laporan Bolong: Nganti siki, laporan pertanggungjawaban (MAD) taun 2025 durung kelakon.
* Kecamatan: Wong kecamatan jarene wis ngongkon evaluasi, tapi nyatane ya dhuwit karo sapine isih dadi teka-teki sing durung ana jawabe.
Rakyat Nunggu Ketegasan
Siki wong Gombong karo rakyate mung nunggu:
Kiye pancen rugi merga ora teyeng dodolan, apa dhuwite "dipangan" tuyul berdasi? Dhuwit desa kuwe dhuwite rakyat, kudune nggo gawe rakyat wareg, dudu malah nguap nang kandang suwung.
