KEBUMEN, Ayah – Semangat mbagi-mbagi nang wulan suci Ramadhan katon maning nang pesisir kidul Kebumen.
Komunitas Desa Peduli Buruh Migran (DESBUMI) Sejajar ngetokna aksi nyata kepedulian sosial kanthi dum-duman ora kurang sekang 200 paket takjil gratis nggo masyarakat karo wong sing lagi lewat nang kawasan obyek wisata Goa Jatijajar, dina Jemuwah (20/2).
Kegiatan sing dikoordinatori nang Ketuane DESBUMI Sejajar, Mbak Ifah, kiye dadi bukti nek adohé jarak mauné ewonan kilometer ora dadi alangan nggo para pekerja migran (TKI) nggo tetep bakti maring tanah kelairane.
Poin Utama Aksi Sosial:
* Gotong Royong Pekerja Migran: Kabeh dana nggo tuku takjil kuwe asale sekang urunan para Pekerja Migran Indonesia (PMI) asli Desa Jatijajar sing siki lagi nggolet pangan nang luar negeri.
* Wis Mlaku Telung Taun: Kiye wis mlebu taun ketelu, dadi acarane wis dadi agenda rutin sing dienteni masyarakat minangka bentuk pengabdian sosial komunitas.
* Agenda Rutin Jemuwah Berkah: Aksi dum-duman takjil kiye dilakoni ajeg (istiqomah) saben dina Jemuwah selawase wulan Ramadhan (total ana ping papat aksi).
* Menu Spesial nggo Jemuwah Ngarep: Nggo nambahi semangat mbagi, Jemuwah ngarep komunitas arep mbagi menu sing madan spesial, yaiku Sego Ayam Teriyaki.
> "Tujuan utamane dewek yaiku nggo nyambung silaturahmi karo nggolet ganjaran bareng-bareng. Senajan kanca-kanca PMI lagi nang luar negeri, semangate nggo mbagi-mbagi karo warga desa luar biasa banget," ujare Mbak Ifah.
Simbol Solidaritas karo Kemandirian Desa
Gerakan kiye udu mung sekedar dum-duman panganan buka, tapi dadi simbol solidaritas sing kenceng antarane warga desa karo para "Pahlawan Devisa" nang perantauan.
Lewat wadah DESBUMI Sejajar, para pekerja migran tetep nduwe ikatan batin karo kontribusi nyata nggo warga nang Desa Jatijajar.
Sing olih takjil kuwe mau yaiku warga nang sekitar Goa Jatijajar, bakul-bakul cilik, wong plesir, nganti wong sing lagi liwat dalan kono. Mugane bae, kegiatan kiye ora mung mbantu wong sing lagi pasa nang dalan, tapi ya bisa dadi contoh nggo komunitas liyane supaya padha tulung-tinulung nang wulan sing kebak berkah kiye.
