JAKARTA ORA NGAPAK ORA Kepenak blackasoetakebumen.com – Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK) lagi mbongkar siasat nang mburine pengumpulan dana Tunjangan Hari Raya (THR) sing dilakoni nang Bupati Cilacap, Syamsul Auliya Rachman. Jebule, dana sing dijalukna sekang pirang-pirang Dinas (SKPD) kuwi udu nggo maem kupat bae, tapi dicurigai nggo nyumpeli cangkeme aparat penegak hukum (APH).
KPK curiga banget nek duit kuwi dadi "pelicin" alias duit tutup mulut. Tujuane? Men kabeh borok lan perkara hukum nang Pemerintah Kabupaten Cilacap ora diuthik-uthik nang aparat. Istilahe, "Wis diparingi THR, aja melu rewel."
Uang Sitaan Rp 610 Juta lan Penggeledahan Maraton
Juru Bicara KPK, Budi Prasetyo, mastikna nek tim penyidik lagi nyedok bukti-bukti nggo mperkuat perkara sawise Syamsul dadi tersangka.
Penggeledahan dilakoni maraton nggo ngamanana barang bukti elektronik lan duit Rp 610 juta.
"Penyidik lagi mbeber kegiatan penggeledahan nggo nggolet bukti tambahan. Ben ketara banget niat nang mburine bagi-bagi duit kuwi nggo apa," ujare Budi maring wartawan, Selasa (17/3/2026).
Modus "THR Tambahan" Sing Ora Kewajaran
Lembaga antirasuah kuwe niteni nek aliran duit berkedok THR kiye pancen disengaja nggo gawe konflik kepentingan. Budi mbiji ana potensi penyalahgunaan kekuasaan men aparat penegak hukum nang wilayah kono dadi "picek" utawa nutup mata maring skandal sing ana nang Pemkab Cilacap.
"Iki lagi didalami motifé, tujuane nggo apa. Aja nganti modus THR iki nggo nutupi kasus, men ora dibongkar nang aparat setempat," tambahe Budi.
Padahal nek dipikir nganggo nalar, sing jenenge ASN, TNI, karo Polri kuwi wis olih THR resmi sekang negara.
Mulane, nek ana "THR siluman" sekang Bupati sing jumlahe gedhe banget, kuwi wis nggenah ora wajar lan mambu korupsi.
Sapa Bae Sing Bakal Ketiban Sampur?
KPK siki lagi nggambar peta, sapa bae wong-wong sing mlebu daftar "calon panen" duit THR haram kuwi. Senajan jeneng petinggi aparat hukum wis mulai disebut-sebut, penyidik isih ati-ati banget lan urung ngundang saksi-saksi.
"Dewe urung ngundang saksi-saksi nggo dijaluki keterangan soal konstruksi perkarane," jreneh Budi.
Sing paling penting siki, KPK lagi nelusuri asal-usule duit atusan juta kuwi. Apa murni hasil mentesi dinas-dinas, apa ana sumber liyane sing luwih ngeri. "Ditunggu bae, sing jelas bakal didalami kabeh, termasuk sumber duite sekang endi bae," pungkase.
Plubiser:red
Dariberbagai sumber
