"Sedulur Perantauan, Ayo Ngapurane!"
Gombong Blackasoetakebumen,com – Senajan raga ora bisa salaman langsung, nanging doa lan pangapura ora kenal jarak. Ing dina sing suci iki, media kebanggaane wong Gombong, KEBUMEN ,Blackasoetakebumen.com, resmi ngirimaken salam anget lan ucapan Selamat Hari Raya Idul Fitri 1447 H nggo kabeh masyarakat Barligmascakeb neng endi bae panggone.
Saka kantor redaksi neng Gombong, Pimpinan Redaksi nyuarakaken pesen persaudaraan sing dadi branding uripe wong Kebumen: "Ora Ngapak, Ora Kepenak!"
Pangapurane nggo Sedulur Perantau lan Luar Negeri
Pesen iki khusus ditujukaken nggo sedulur-sedulur perantau sing lagi nggolet pangan neng kutha gedhe utawa neng manca negara.
Senajan lebaran iki mbok menawa ana sing ora bisa mudik merga tugas utawa kahanan, semangat paseduluran kudu tetep "mempeng".
"Nggo sedulur kabeh sing lagi neng perantauan, sing lagi neng Taiwan, Hong Kong, Malaysia, utawa sing neng Jakarta lan sekitare. Senajan jarak misahaken, nanging ati tetep dadi siji neng ngapak-e. Nyong pribadi lan kanca-kanca redaksi Blackasoetakebumen.com njaluk pangapurane sing agung. Mbok menawa ana berita sing tau gawe mangkel utawa kurang pas neng penggalih," ujare Pimpinan Redaksi kanthi tulus.
Jurnalisme "Blakasuta":
Jujur, Akurat, lan Beretika
Minangka media sing nganggo jeneng Blackasoetakebumen, redaksi negasaken nek prinsip "Blakasuta" (ngomong apa anane/jujur) dadi pilar utama. Ing momen Idul Fitri iki, redaksi berkomitmen nggo dadi jembatan informasi sing dipercaya nggo wong barlimascakeb neng luar daerah supaya tetep update karo kahanan kampung halaman.
* Profesionalitas: Tetep manut karo Kode Etik Jurnalistik senajan bahasane ngapak
* Kearifan Lokal: Njaga budaya Ngapak barligmascakeb tetep eksis neng kancah nasional lan internasional.
* Silaturahmi Digital: Dadi wadah nggo nggabungaken paseduluran liwat kolom berita lan komentar.
Mangan Kupat neng Pinggir Kali, Luput Sing Lewat Ayo Diandandani
Pimpinan Redaksi nutup pesene nganggo harapan supaya Idul Fitri iki dadi titik balik nggo mbangun Kebumen sing luwih maju.
"Idul Fitri kiye wayahe awake dhewek ngguyu bareng, ngrasakaken nikmate kemenangan. Sing wis liwat ya wis, sing kurang apik ayo didandani bareng-bareng.
Muga-muga kabeh diparingi sehat, lancar rejekine, lan tetep bangga dadi wong Ngapak!"

.jpg)