KALIBEJI, Sempor – Dina kiye, Jemuah (06/03/2026), suasana neng sekitaran Dukuh Kurwok, Desa Kalibeji, katon regeng banget.
Ibu-ibu saking RT 01 lan RT 04 RW 01 Desa Kalibeji kompak nggelar aksi sosial sing jenenge "Ramadan Berbagi Takjil".
Ora tanggung-tanggung, ana 500 bungkus takjil sing dibagikna nggo wong-wong sing lagi liwat.
Gedung Posyandu RW 01 Dadi Saksi Perjuangan
Anggone dum-duman takjil dipusatna neng ngarep Gedung Posyandu RW 01 Desa Kalibeji. Sasaran utamane yakuwe para sedulur sing lagi ngglintu utawa liwat neng jalur Sidoharum – Kalibeji – Sukomulyo.
Kawit jam 16.30 sore, ibu-ibu sing nganggo klambi sarimbitan wis padha standby neng pinggir dalan. Senajan dalane rame, tapi kegiatane tetep tertib lan ora ngganggu wong liwat.
Guyub Rukun Maring Berkah
"Kiye dadi wujud syukur lan kepengin nambahi berkah neng sasi Ramadan. Alhamdulillah, warga RT 01 lan RT 04 kompak banget nyiapna 500 paket takjil nggo sedulur sing lagi neng dalan," jere salah siji panitia saking Dukuh Kurwok.
Sing dadi sorotan neng acara kiye:
* Lokasi Strategis: Jalur utama sing nggabungna Sidoharum, Kalibeji, maring Sukomulyo.
* Jumlah Paket: 500 bungkus takjil seger siap santap.
* Semangat Warga: Kekompakan warga RT 01 lan RT 04 RW 01 sing patut diacungi jempol.
Muga-muga aksi sing apik kiye bisa dadi conto nggo desa-desa liyane neng wilayah Gombong lan Sempor. Pokoke, angger wis kumpul lan guyub, apa bae dadi berkah!
Plubiser: red




