🏡 KANTOR REDAKSI BLAKASUTA NEWS: DESA KALIBEJI RT.04 RW.01 KEC.SEMPOR — KAB.KEBUMEN, 💯 APA ADANYA, UNTUK INDONESIA 🇮🇩

Taryono, ‘Sang Maestro’ Endhog saka Adikarso: Nggerakna Ekonomi Desa Nganggo Jurus Ternak Ayam Petelur

 


Ora Ngapak Ora Kepenak KEBUMEN Blackasoetakebumen.com – Ora perlu mlayu maring kota nggo golet sega sekepel. Prinsip kuwi sing dicekel kenceng dening Taryono, warga Desa Adikarso, Kecamatan Kebumen. Nganggo semangat "ora obah ora mamah", Taryono saiki lagi dadi bahan omongan merga sukses ngembangna usaha ternak ayam petelur sing dadi inspirasi lan tumpuan ekonomi masyarakat sekitar.

Saka Skala Gurem Nganti Target Sewu Ekor

Taryono dudu pemain wingi sore. Dheweke miwiti usahane sekang skala cilik, mung sekitar 200 nganti 500 ekor ayam. 

Nanging, berkat ketelatenan lan manajemen sing apik, saiki dheweke lagi "ngegas" nambah populasi ayam nganti punjul sekang 1.000 ekor. Targete jelas: produksi endhog kudu luwih maksimal lan stabil nggo nyukupi kebutuhan pasar Kebumen sing terus mundhak saben dinane.

Rahasia Pakan Racikan lan Kandang Higienis

Sing nggarai usahane Taryono dadi profesional yakuwe carane ngatur biaya produksi tanpa ngurangi kualitas. 

Dheweke pinter ngracik pakan dhewe sing isine campuran jagung giling, bekatul, lan konsentrat. 

Cara kiye kabukti bisa neken biaya nanging tetep nggarai ayam produktif.

Kajaba kuwi, Taryono nggunakna kandang model baterai sing efisien banget.

 Sirkulasi udara dijaga supaya ayam ora gampang stres, lan kesehatan ayam dadi perhatian utama liwat vaksinasi rutin. Kanthi pola perawatan kiye, rata-rata produksi endhoge bisa tekan 70 nganti 80 persen sekang total populasi. 

Tegese, yen wis tekan 1.000 ayam, Taryono bisa panen sekitar 700 nganti 800 butir endhog saben dina sing banjur disetor maring warung lan pasar tradisional.

Misi Sosial: Pemuda Desa Aja Padha Ngumbara

Sing nggarai salut, Taryono ora mung mikir bathi nggo awake dhewek. Dheweke nduweni visi supaya usaha iki dadi peluang kerja nggo warga sekitar. Dheweke kepengin banget ngrangkul pemuda desa supaya ora mung gumantung kerja nang luar daerah (merantau), nanging bisa mandiri lan ngembangna potensi nang kampung dewek.

"Kanggo beternak ayam petelur kuwi kudu tenanan lan sabar. Ora isa mung coba-coba. Aku uga siap bantu kanggo sing kepengin miwiti, mulai saka gawe kandang nganti pengadaan bibit ayam," ujare Taryono kanthi teges.

Kanthi perencanaan sing matang lan semangat kerja keras, Taryono wis dadi bukti nyata yen peternakan rakyat bisa dadi soko guru ekonomi sing kuat nang Desa Adikarso, sisan nyumbang kesejahteraan kanggo wong akeh.

Nanag hs 

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Newsletter

Copyright

Formulir Kontak