Desa Kalibeji Kecamatan Sempor, Kabupaten Kebumen
Ora ngapak ORA kepenak blckasoetakebumen.com , Sempor
Narasi Nyawijining Seduluran
Kie crita sedurunge dadi siji kaya siki, Desa Kalibeji kuwe asale sekang gabungan telu kelurahan sing pada digdaya. Ing sisi lor wetan, ana Kelurahan Karanganyar (wilayah Depok lan Pekandangan) sing dipimpin nang Lurah Cakrataruna. Ing tengah, ana Kelurahan Kaligede (wilayah Kaligede lan Pangempon) sing dipandhegani nang Lurah Cakra Sanjaya. Dene ing sisi kulon, ana Kelurahan Krinjing sing nggabungake Kruwok, Krinjing, Srengseng, lan Karangtiris ing ngandhap pimpinane Lurah Sanusi.
Titik balik sejarah kedaden ing taun 1935.
Kanti semangat gotong royong lan kepengin nyawiji, telung kelurahan kiye mufakat dadi siji wadah anyar sing jenenge Desa Kalibeji. Nang wektu kuwe, Bapak Cakra Sanjaya dipercaya dadi nakhoda pertama sing nuntun Kalibeji mlebu era anyar.
Filosofi Jeneng "Kalibeji"
Jeneng "Kalibeji" kuwe udu mung sembarang jeneng, tapi dadi donga lan pangarep-arep sekang kearifan lokal.
* "Kali" (Sungai): Nggambarake ilining urip sing ngelewati Karanganyar lan Kaligede. Simbol masyarakat sing dinamis, pinter srawung, lan gampang adaptasi.
* "Beji" (Mata Air): Dijotot sekang anane sumber mata air purba ing wilayah Krinjing sing kondhang bening lan ora tau asat senajan ketiga dawa.
Perpaduan rong tembung kuwe dadi simbol kesejahteraan sing mili terus mboten wonten pedote nggo kabeh warga.
Tangguh Ngadhepi Zaman
Sejarah Kalibeji uga tau diuji kanti rasa patriotisme.
Pas zaman Agresi Militer Walanda taun 1947, wilayah Sempor dadi medan pertempuran. Walanda sempet melu campur tangan babagan pimpinan desa kanti nunjuk Bapak Partaseja.
Tapi, kedaulatan warga ora bisa digoyah. Bubar penjajahan rampung, semangat demokrasi urip maning lewat pemilihan kepala desa sing dimenangake nang Bapak Sanrakip, sing banjur mimpin transisi desa tekan taun 1953.
Estafet Kepemimpinan Desa
Dalan pembangunan Kalibeji terus mlaku lewat tangan-tangan dingin para pemimpine:
* Bapak Afandi (1953-1963)
* Bapak Kuat Budiman (1964-1987) – Masa pengabdian sing dangu lan kebak dedikasi.
* Bapak Marsikun (1987-1988)
* Bapak Sutanto (1988-2006)
* Bapak Edi Nugroho (Pj. 2006-2007)
* Bapak Waluyo (2007-2018) – Penguatan infrastruktur lan sosial.
* Bapak Sisyanto, S.Sos. (Pj. 2018-2019).
Wiwit taun 2019 tekan siki, ing ngandhap pimpinane Bapak Adman, Desa Kalibeji terus bersolek lan malih rupa. Kanti nggunakake potensi pertanian sing subur lan posisi strategis dadi penyangga kawasan wisata Sempor, Kalibeji mlangkah mantep dadi desa sing mandiri lan cerdas, tapi tetep nggondheli nilai religius lan gotong royong warisane para leluhur.
Masa Depan Kalibeji
Siki, Desa Kalibeji udu mung jeneng ing jero peta. Kalibeji kuwe "umah" nggo masyarakat sing tangguh, nggon nggo inovasi teknologi sing mulai nyawiji karo pertanian tradisional. Kanti semangat "Beji" sing ora tau asat, Desa Kalibeji komitmen bakal terus dadi sumber inspirasi lan kesejahteraan nggo kabeh wargane, siki lan mbesuk mburine.
Diolah dari berbagai sumber
Plubiser:red

