🏡 KANTOR REDAKSI BLAKASUTA NEWS: DESA KALIBEJI RT.04 RW.01 KEC.SEMPOR — KAB.KEBUMEN, 💯 APA ADANYA, UNTUK INDONESIA 🇮🇩

Ahmad Luthfi Wanti-wanti: Aja Nekad Nggawa Sedulur Maring Perantauan Angger Durung Jelas Kerjane

 


SEMARANG ORA ngapak ORA kepenak blckasoetakebumen,com – Gubernur Jawa Tengah, Ahmad Luthfi, aweh pepeling keras maring warga Jateng sing arep mangkat ngrantau maning sawise Lebaran 2026. 

Wong nomer siji neng Jateng kuwe njaluk supaya warga ora nggawa keluarga utawa sedulur melu mrantau angger durung ana kepastian kerja sing jelas nang kana.

Pesen kie disampekne pas arus balik wis mulai rame. Miturut Luthfi, langkah kie tujuane apik, yaiku supaya Ben ORA  nambah beban ekonomi lan sosial, merga urip neng kota perantauan kuwi ora gampang angger ora ana cekelan kerja.


Angger urung ana kerjaan sing pasti, luwih becik keluarga tetep neng umah dhisit. Insyaallah pemerintah siap ngopeni,” ujare Luthfi kanthi teges.

Pemerintah Siap Ngopeni neng Kampung Dewek

Luthfi negeske nek Pemerintah Provinsi Jawa Tengah komit arep “ngopeni” utawa nggatekna warga sing milih tetep kerja neng daerah dewek. Iki dadi bukti nek pemerintah ora bakal ngejorne wargane kangelan golet pangan neng tanah kelairane dewek.

Data Arus Balik 2026

 sementara sing mlebu Jateng :

 * Kendaraan Mlebu Jateng: Udakara 1,33 yuta armada.

 * Kendaraan Metu Jateng: Wis nembus angka 732 ewu.

Angka kiye keton  nek pergerakan wong mudik lan balik taun kiye pancen luar biasa seseke.

Fasilitas Balik Gratis lan Pelayanan Rest Area

Kanggo mbantu kelancaran warga sing arep balik, Pemprov Jateng wis nyiapke pirang-pirang fasilitas:

 * 23 Rest Area: Wis disiagakne neng jalur utama nggo panggonan ngaso para pemudik.

 * Program Balik Gratis: Khusus nggo pekerja informal kaya ART, ojol, buruh, lan pedagang cilik, pemerintah wis nyiapke fasilitas bus lan sepur gratis.

Pemerintah ngarep-arep supaya warga luwih wicaksana njupuk keputusan. Aja nganti niat ngrantau nggo golet bungah malah dadi susah merga kurang persiapan. 

Kanthi langkah kiye, dikarepake kondisi ekonomi masyarakat tetep stabil lan ora nambah angka pengangguran neng kota gedhe.

Nanag .sos 

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Newsletter

Copyright

Formulir Kontak