Ora NGAPAK ORA KEPENAK Blakasoetakebumen.com – Bos gedene Partai Solidaritas Indonesia (PSI), Kaesang Pangarep, lagi dolan maring wilayah Jawa Tengah. Dina Rebo (11/3/2026), Kaesang mampir silaturahmi maring Pondok Pesantren Al Falah, Somalangu, Kebumen. Ora mung nggo acara Safari Ramadan bae, jebule ana kabar anget nek ana tokoh nom sekang kalangan pesantren sing arep gabung maring partai Gajah.
Pas rombongane teka, suasanane katon rame pisan. Kaesang ora dewekan, dheweke dikancani nang Ketua Harian DPP PSI, Ahmad Ali, lan rombongan pengurus PSI sekang Jawa Tengah. Malah pengurus PSI sekang kabupaten tangga kaya Cilacap, Banjarnegara, Purbalingga, tekan Purworejo ya padha ngumpul kabeh nang Kebumen.
Ana Kader Anyar, Jarene "Gus"
Ahmad Ali mbeberna nek acara silaturahmi kiye jebule nggoleti ati tokoh lokal. Senajan jenenge esih disimpen dhisit, Ali wis menehi bocoran nek wong sing arep gabung kiye nduwe pengaruh gede nang lingkungan pesantren kono.
"Kebeneran mau nembe olih kader anyar. Tapi merga dina kiye udu acara partai sing resmi, dadi durung teyeng diomongna sapa jenenge maring wong akeh," omone Ahmad Ali pas ditakoni wartawan bareng rampung acara.
Ali menehi kode keras nek kader anyar kuwe asale sekang lingkungan keluarga kiai. "Kayane pengasuh pondoke kiye arep gabung PSI. Ya, Gus-ne lah," tambahe Ali sing nggawé wong penasaran.
Udu Mung Urusan Politik Tok
Merga akeh pengurus PSI sekang daerah liya sing teka, akeh wong sing mikir nek kiye lagi ana konsolidasi politik gede-gedean. Tapi Ahmad Ali nampik kabar kuwe.
Dheweke ngomong nek tekane rombongan kuwe murni nggo njaga tradisi silaturahmi nang sasi pasa lan ngajeni para ulama.
"Kene teka mrene udu nggo urusan politik praktis sing kaku, tapi nggo njaluk wejangan lan donga sekang guru-guru bangsa nang pesantren. Kiye wujud hormate kene maring ulama," jere Ali tegas pisan.
Acara Safari Ramadan kiye ditutup nganggo suasana sing semanak pisan, santri-santrine ya katon bungah. Kiye dadi bukti nek PSI wis mulai mlebu maring basis-basis massa sing religius nang Jawa Tengah bagian kidul.
Plubiser:red





