Ora ngapak ora kepenak blakasoetakebumen.com Kebumen– Hawane politik nang internal PDI Perjuangan Kecamatan Kebumen mulai krasa anget. Pas acara Rapat PAC sing Diperluas nang Kantor DPC PDI Perjuangan Kabupaten Kebumen, dina Rebo (11/3/2026), jeneng Andi Gimbal dadi omongan merga olih dukungan sing paling akeh.
Ora tanggung-tanggung, sekang total 29 pengurus ranting sing teka, ana 26 ranting sing kompak ngusulna jeneng Andi Gimbal nggo dadi Ketua PAC PDI Perjuangan Kecamatan Kebumen periode ngesuk. Kiye dadi bukti nek Andi Gimbal pancen disenengi nang pengurus tingkat desa (ranting).
Wadah Demokrasi Kader Ngisor
Rapat kiye diramaikna nang jajaran KSB (Ketua, Sekretaris, Bendahara) sekang 29 desa se-Kecamatan Kebumen.
Pancen tujuane nggo nampung aspirasi utawa "suara ngisor" sapa sing pantes dadi pimpinan PAC.
Liyane jeneng Andi Gimbal, jebule ana pirang-pirang jeneng kader liyane sing melu diusulna, yaiku:
* Anif & Sugito: Olih 8 usulan.
* Teguh & Budianto: Olih 6 usulan.
* Indra & Khamid: Olih 4 usulan.
* Citra: 2 usulan.
* Wiwik: 1 usulan.
Tetep Guyub Rukun
Senajan ana beda-beda pilihan, suasanane rapat tetep adem, tertib, lan kebak rasa paseduluran.
Prinsip musyawarah bener-bener dijaga nggo nggolet pimpinan sing teges lan bisa ngerangkul kabeh kader tekan tingkat anak ranting.
"Kiye wujude demokrasi partai sing sehat. Karepe dewek, mbesuk sing dadi pimpinan kuwe pancen pilihan murni sekang kanca-kanca ranting," ujare salah siji peserta rapat.
Sawise proses penjaringan kiye, hasil usulane bakal digodhog maning sesuai aturan partai. Nek ndeleng dukungane sing nganti 90%, jeneng Andi Gimbal pancen katon paling kuat nggo mimpin PDI Perjuangan nang Kecamatan Kebumen.


