🏡 KANTOR REDAKSI BLAKASUTA NEWS: DESA KALIBEJI RT.04 RW.01 KEC.SEMPOR — KAB.KEBUMEN, 💯 APA ADANYA, UNTUK INDONESIA 🇮🇩

Skandal Sapi 'Gaib' Gombong: Duit Rp2,3 Miliar Ilang, Kandange Malah dadi Monumen Suwung


Ora ngapak  ORA kepenak blkasoetakebumen,com Gombong Kebumen – Tembok ijo kusem tulisan "Peternakan Terpadu BUMDesma Manggala Praja Gombong" nang Desa Kemukus siki katon kaya monumen kegagalan sing larang regane. Proyek sing jarene arep dadi "mercusuar" ekonomi nggo wong ndesa malah siki gari kandang kosong, gerobak teyengen, karo mobil bak siji sing kelem nang njero semak-semak.

Sing dadi pitakonan gedhe: Nandi lungane duit rakyat Rp2,3 Miliar kuwi?


Suntikan Dana Sing Ora Nana Bekase

Ndeleng catetan anggaran per Senin (09/03/2026), beban finansial sing ditanggung nang 12 desa se-Kecamatan Gombong kuwi jebule ora maen-maen. Duit sing mlebu maring BUMDesma asale sekang:

 * Penyertaan Modal 12 Desa (Tahap I & II): Total dapa Rp1,8 Miliar.

 * Bantuan Spesifik Pengadaan Sapi: Duit seger Rp500 Juta.

Dadi total duit publik sing dikelola kuwi dugaanne punjul sekang Rp2,3 Miliar. 

Pertanyaane jan nylekit: 

Kepriwe critane duit semono akehe bisa "nguap" kaya bensin, nganti ora ninggali sapi siji-sijia sing isih ambekan nang kandang?

Nyanyian Ketua Paguyuban Kades: "Duit Dibadhog Oknum?"

Babagan mandege operasional BUMDesma kiye jebule dudu merga rugi bisnis tok, tapi ana aroma "pinjam pakai" alias duit desa nggo bancakan pribadi.

Ketua Paguyuban Kades (sing dadi wakil suara para pemimpin desa) dadi sorotan. Wong-wong nang ngisor wis mulai "nyanyi" nek duit milyaran kuwi ora kabeh dadi sapi, tapi malah mampir maring kantong pribadi.



 "Duite kuwi jebule ana nang nggone sawetara Kades sing nganggo. Infoné ana sekitar papat Kades sing melu 'nyicipi' dana kuwi nggo kepentingan pribadine dewek," ungkap salah siji sumber sing wis kemecer saking jengele.

Transparansi Sing Peteng Dedet

Nganti Maret 2026 kiye, Musyawarah Antar Desa (MAD) nggo pertanggungjawaban tahun 2025 isih peteng dedet, ora jelas kapan arep dianakna. Padahal, nek ndeleng MAD 2024, kudune isih ana sisa duit sekitar Rp400 juta. Tapi manajemen BUMDesma malah milih bungkam, malah jarene Direktur Utamane "loro" pas arep ditakoni soal audit.

Masyarakat Gombong siki njaluk ketegasan:

 * Audit Investigatif: Lacak kabeh aliran dana Rp2,3 Miliar kuwi mlayu maring endi.

 * Sikat Oknum: Seret papat oknum Kades sing diduga nggunakna duit rakyat nggo kepentingan pribadi.

Duit desa kuwi amanat rakyat sing diperes sekang kringete warga, dudu nggo "bancakan" para penguasa sing rakus!

Plubiser: Red 

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Newsletter

Copyright

Formulir Kontak