Ora ngapak ora kemensk blakasoetakebumen.com Sempor Kebumen – Dina Senen (9/3/2026) awan, swasana neng tanjakan Dukuh Karangkemiri, Desa Somagede, Kecamatan Sempor, malih dadi kisruh lan kebak tangisan. Mobil pikap sing nggawa rombongan warga Desa Binangun, Karanggayam, ngalami kecelakaan maut nganti ngguling lan nimbulna korban jiwa.
Kronologi Kedadean
Kira-kira jam 09.30 WIB, mobil pikap nomer polisi R 8025 HK sing disupiri dening Candra (30) lagi nggawa penumpang kurang luwih 29 wong. Sedulur-sedulur kiye rencanane arep niliki (menjenguk) tanggane sing nembe babaran neng RS PKU Muhammadiyah Gombong.
Nanging apes, pas lagi nanjak neng dalan sing sempit lan dhuwur neng Karangkemiri, mobil kuwe diduga ora kuat nanjak. Mobil banjur mlorod mundur, supire kelangan kendali, banjur mobil ngguling meng sisi kiwa dalan.
Data Korban
Kapolres Kebumen, AKBP I Putu Bagus Krisna Purnama, ngonfirmasi nek kecelakaan kiye nimbulna korban jiwa lan luka-luka.
"Wonten korban tilar donya cacahipun tiga tiyang neng lokasi kedadean. Liyane ana sing luka berat lan luka ringan, kabeh wis ditangani tim medis," ujare Kapolres.
Korban Meninggal Donya (Warga Desa Binangun):
* Tuminah (50)
* Siti Komariyah (37)
* Rimpen
Korban Luka-Luka:
Sawetara korban luka berat kaya Narsiyah (58), Sarmiyah (45), Rusmiyati (43), lan Ridem (60) langsung dilarikan meng RS PKU Muhammadiyah Gombong. Nek korban luka ringan liyane, kalebu supir pikap, wis ditangani neng Puskesmas lan fasilitas kesehatan paling cedhek.
Evakuasi lan Penanganan
Proses evakuasi mlaku bareng-bareng antarane Polsek Sempor sing dipimpin AKP Wiyono, TNI, Damkar, lan warga sekitar. Polisi langsung olah TKP nggo nylidiki luwih jero apa sing dadi sebabe kecelakaan kiye, apa merga kakehen momotan (overload) utawa ana faktor teknis liyane.
Himbauan nggo Sedulur Kabeh
Kecelakaan kiye dadi pengingat nggo dewek kabeh, utamane angger ngelewati jalur pegunungan Sempor-Karangkemiri sing pancen medane ekstrim:
* Aja nggunakna mobil pikap nggo momot wong, merga fungsine pancen nggo barang lan resikone dhuwur banget.
* Cek kondisi mesin sedurunge lelungan adoh, utamane rem lan kopling.
* Aja kakehen momotan pas ngelewati tanjakan dhuwur.
Muga-muga keluarga sing ditinggalna diparingi kesabaran, lan korban sing luka-luka cepet dadi waras wiris maning.
Sumber
Pewarta: Humas Polres Kebumen

