KEBUMEN, ORA ngapak ORA kepenak Blackasoetakebumen.com. Sabtu,(28/3/2026) – Obyek Wisata Pantai Laguna Lembupurwo sing manggon neng Desa Lembupurwo, Kecamatan Mirit, Kabupaten Kebumen, saiki bener-bener dadi "magnet" kanggo para pelancong. Ora ketang dina biasa apa maneh akhir pekan, pantai sing misuwur kanthi gumuk pasir lan lagunane iki tansah rame ditekani pengunjung sekang ngendi-endi papan.
Panggonan iki dadi favorit merga nawarna suasana sing beda banget karo pantai liyane. Banyu lagunane sing tenang nggawe para wong tuwa ora was-was nek ngejor bocah-bocah dolanan banyu.
Dikelola Desa, Regane Ramah neng Kanthonge Warga
Sing nggawe jempolan, pengelolaan wisata iki dicekel langsung neng BUMDes (Badan Usaha Milik Desa) setempat. Efeke nyata banget, ekonomi warga sekitar dadi urip lan muter.
Luwih menarik maneh, pengelola ora narik biaya tiket mlebu sing larang.
Pengunjung mung cukup mbayar parkir kendaraan tok. Prinsipe, wisata iki digawe "ramah neng saku", dadi sapa bae bisa dolan tanpa kudu mikir jero soal biaya.
“Panggonane penak banget, isih alami lan asri. Nyong mbiyen wis tau mrene, saiki pas momen lebaran malah dadi ketagihan, mulane kanca-kanca karo tangga tak jak kabeh mrene maneh,” ujare salah siji pengunjung rombongan sekang Kabupaten Wonosobo.
Pesona Prau lan Alam sing Isih Asli
Ora mung jagongan neng pinggir banyu, para pengunjung uga bisa ngrasakna sensasi numpak prau wisata kanggo muter-muter neng tengah laguna. Sekang ndhuwur prau, sesawangan alam Pantai Laguna katon luwih eksotis, cocok banget nggo sing seneng foto-foto utawa selfie nggo pamer neng media sosial.
Fasilitas sing terus dibenahi nggawe Pantai Laguna Lembupurwo saiki dadi salah siji tujuan wisata unggulan neng Kebumen Timur. Nek rika golet panggonan nggo refreshing bareng keluarga sing murah tapi ora murahan, Laguna Lembupurwo pancen pilihane sing paling pas.
Jurnalis Royo

