Kebumen ORA ngapak ORA kepenak blackasoetakebumen,com. Kamis, 9 April 2026 ,– Yayasan Japawira terus nancepna niate nggo nyengkuyung program gizi masyarakat lewat standarisasi fasilitas.
Minggu kie, Yayasan ini lewat humase Bapak Giyono ,lagi ngebut masang Instalasi Pengolahan Air Limbah (IPAL) sing modern nang kabeh unit Satuan Pelayanan Pemenuhan Gizi (SPPG) binaane.
Langkah kie di pastiikan nek saben proses masak-masak nggo gizi kuwe ora mung ngetokna panganan sing enak lan maen, tapi ya kudu njaga kelestarian lingkungan sekitar lewat manajemen limbah cair sing bener-bener profesional.
*Inovasi Limbah Sing Ramah Lingkungan*
Bapak Giyono njelasna nek dandani sistem kie wis nganggo alat pengolahan limbah sing cocog karo aturan anyar sekang Dinas Lingkungan Hidup. Deweke nargetna kabeh SPPG sing ana nang ngisor Yayasan Japawira wis kudu padha standar kualitase minggu kie.
"Dewe lagi nyiapna alat sing bener-bener pas karo aturan lingkungan urip. Targete, minggu kie kabeh SPPG wis seragam, kabeh kudu melu aturan sing ketat," ujare Pak Giyono pas lagi lokasi sppg desa semali.
Kualitas Banyu Olahan: Bening, Aman, lan Maen Paedane
Salah siji terobosan nang sistem IPAL kie yakuwe banyu limbah dapur bisa didaur ulang dadi banyu sing ana gunane. Teknologi kie mastiikna banyu hasil olahane nduweni kriteria:
*Ora Mambu:** Sistem filtrasine njamin banyu olahan ora mambu blas, dadi lingkungan kerja karo pemukiman warga tetep nyaman.
**Aman nggo Alam:** Banyu olahan dipastiikna aman nggo lemah lan bisa nggo nyiram tanduran nang sekitar area SPPG.
**Bisa Dienggo Maning (Reuse):** Banyu sing wis diolah bisa dienggo maning nggo resik-resik area njaba (umbah-umbah) utawa nggo nyiram pekarangan.
*Njaga Resike Pangan Sekang Hulu Tekan Hilir*
Dadi humas Yayasan, Pak Giyono negasna nek sistem pembuangan Ipal sing apik kuwe dadi coco nek dapure resik. Angger IPAL-e wis standar, resiko cemaran dadi ilang, dadi panganan sing nggo masyarakat bener-bener kedaftar resike.
Plubiser: red
"Niate dewe yakuwe aweh pelayanan gizi sing genah kabeh. Gizi sing apik kudu lair sekang proses sing resik lan lingkungan sing sehat. Dewe kepingin mbuktekna nek limbah SPPG dewe ora dadi ganjel nggo lingkungan, tapi malah dadi sumber daya sing bisa dienggo maning," pungkase Pak Giyono.


.jpg)
