KEBUMEN ORA ngapak ORA kepenak Blckasoetakebumen.com– Kasus begal utawa pencurian nganggo kekerasan (curas) sing kedaden naring Jalan Lintas Selatan-Selatan (JLSS) wilayah Kecamatan Mirit nembe-nembe kiye, dadi pepeling (peringatan) keras nggo kabeh wong tua naring Kebumen.
Fenomena kiye nuduaken nek pengawasan keluarga kuwe dadi kunci utama men anak ora kejebur naring dunia kriminal.
Peristiwa sing kedaden naring Senin dini hari, 5 Januari 2026 kuwe, jebule ngelibataken cah enom sing isih "ingusan". Telu tersangka sing dicekel yakuwe AN (21), AA (19), lan AH (18). Bocah-bocah kuwe nekat mandegaken paksa pengendara motor jenenge Saputra sing lagi boncengan karo bojone, terus ngerampas HP lan dhuwit nganggo ancaman senjata tajam.
Ancaman Hukum Ora Dolanan
Kapolres Kebumen, AKBP I Putu Bagus Krisna Purnama, nyampekaken nek tim Resmob wis kasil ngamanaken para pelaku. Akibate, bocah-bocah kuwe siki kudu mbalon naring sel lan dijerat pasal curas.
"Para pelaku siki wis diamannaken lan bakal dijerat pasal pencurian nganggo kekerasan. Ancamane ora main-main, bisa nganti sanga (9) taun penjara," ujare Kapolres naring konferensi pers, Senin (6/4/2026).
Wong Tua Aja 'Ucul' Pengawasan
Sing dadi keprihatinan, jebule pelaku kriminal siki umure isih pada enom pisan. Polres Kebumen mbiji nek kurangne kontrol seka wong tua dadi lawang mlebu nggo bocah-bocah kuwe wani nglakoni tindak kejahatan.
Naring acara sing didampingi Wakapolres Kompol Faris Budiman lan Kasatreskrim AKP Dwi Atma Yofi Wirabrata, Kapolres negasaken:
* Hadir secara Emosional: Wong tua aja mung nunggoni fisik, tapi kudu ngerti batine anak.
* Ngemat Pergaulan: Kudu teliti anak dolane karo sapa lan naring ngendi.
* Aja Jerna Metu Mbengi: Kebiasaan metu mbengi tanpa tujuan dadi awal bocah kenal dunya peteng.
Pendekatan 'Ngobrol Bareng'
Kasatreskrim AKP Dwi Atma Yofi Wirabrata nambahi, wong tua siki kudu luwih pinter komunikasi. Ora mung asal ngelarang utawa nggonah-nggonahi, tapi luwih apik nggunakaken pendekatan sing anget utawa dialog terbuka.
"Diharapaken wong tua dadi kontrol pertama. Angger pengawasane apik, bocah ora mung slamet seka dadi korban, tapi ya ora dadi pelaku kejahatan," pungkase.
Masyarakat ya dijaluk luwih peduli naring lingkungan sekitar. Nek ana bocah-bocah sing nongkrong-nongkrong ora nggenah nganti parak esuk, luwih apik dielingaken men ora kedaden hal-hal sing ngerugiaken wong akeh.
Plubiser:red

