Kebumen,Blackasoetakebumen.com ORA ngapak ORA kepenak - Swasana haru lan khidmat krasa pisan pas prosesi penjemputan jemaah haji nang Pendopo Kabumian, dina Selasa (16/6). Nang tengah-tengah wong akeh sing pada nunggu lan nyambut sedulure bali sekang tanah suci, ana aksi humanis sing ditampilna karo relawan PMI Kebumen sing asale sekang mahasiswa Universitas Ma'arif Nahdlatul Ulama (UMNU) Kebumen.
Salah siji momen sing nggawe ati trenyuh yaiku pas ana bocah wadon, Puput Meliana Putri, mahasiswa UMNU Kebumen, sing kanti sabar lan welas asih ngrangkul sarta ngedorong kursi roda jemaah haji sing wis sepuh.
Anane Puput lan kanca-kancane relawan pancen nggawe para tamu Allah kuwe bisa mudun sarta kumpul maning karo keluargane kanti aman lan nyaman.
Ora mung fokus nang tugas teknis, anane para relawan iki uga ngetokna sinergi sing kuat karo pemerintah daerah. Katon para relawan pada interaksi langsung karo Bupati Kebumen, Lilis Nuryani, sing melu nyambut kedatangane para jemaah.
Aksi nyatane Puput Meliana Putri lan tim relawan UMNU Kebumen nang ngisor naungan PMI iki dadi bukti nyata kontribusine generasi muda kanggo ndukung kegiatan sosial kemasyarakatan.
Kepedulian sing ditampilna kanggo mènèhi layanan paling apik nggo jemaah haji iki dipengini bisa dadi inspirasi nggo masarakat luas, utamane babagan pentingé rasa kemanusiaan lan bakti maring sesama, apamaning nggo wong-wong sing butuh bantuan khusus.
Prosesi penjemputan sing mlaku lancar iki nggambarna koordinasi sing apik antarane pihak-pihak sing ana nang Kebumen, supaya kepulangane jemaah haji taun 2026 iki bisa mlaku lancar lan dadi kenangan sing manis kanggo jemaah sarta keluarga sing wis pada nunggu.



