Blackasoetakebumen.com ORA ngapak ORA kepenak Kebumen – Aliansi Kebumen Bersatu wis ngrancang arep nggelar aksi penyampaian pendapat utawa demo damai, sesuk dina Jumat, 19 Juni 2026 , Aksi kiye dadi wujud partisipasine warga masyarakat Kebumen nggo ngawal program-program strategis sekang pemerintah pusat sing lagi mlaku neng tlatah Kebumen.
Kegiatan kiye fokus nggo ngawasi jalane program nasional, kayata:
* Program Makan Bergizi Gratis (MBG)
* Koperasi Desa/Kelurahan Merah Putih (KDKMP)
* Program swasembada pangan
* Program sekolah rakyat
Wahyudin, sing dadi Koordinator Lapangan (Korlap) aksi, njelasna nek gerakan kiye tujuane nggo aweh dhukungan sekaligus evaluasi sing konstruktif supaya program pemerintah kuwe tepat sasaran lan ora salah dalan. Miturut petungan panitia, kira-kira ana ewonan wong sing bakal teka neng acara kuwe.
Ora mung muji dampak positif, massa aksi uga nggawa cathetan evaluasi. Contone soal pemerataan distribusi, transparansi anggaran, lan njaluk supaya UMKM lokal diwenehi kesempatan luwih jembar, supaya manfaate program kiye bisa dirasakna kabeh warga Kebumen.
Ora mung babagan program lokal, aliansi kiye uga nyuarake tuntutan tingkat nasional. Wong-wong kuwe njaluk pemerintah pusat supaya tumindak tegas maring para koruptor lan cepet-cepet ngusulna pengesahan *lUndang-Undang Perampasan Aset Koruptor, maring DPR RI.
Babagan teknis pelaksanaan, Wahyudin wis matur nek pihak panitia wis komunikasi karo aparat penegak hukum. Pihake komitmen arep manut kabeh arahan teknis sekang Satlantas Polres Kebumen babagan rute lan pengaturan lalu lintas supaya kegiatane bisa mlaku kanthi kondusif lan aman.
Rencana Rute Aksi:
Kumpul:*mStadion Candradimuka, jam 13.00 WIB.
Konvoi Damai:Bakal ngliwati Jalan Arumbinang, Jalan Sutoyo, lan Jalan Merdeka.
Puncak Aksi: Orasi neng ngarep Kantor Bupati Kebumen lan Gedung DPRD Kabupaten Kebumen neng Jalan Soekarno Hatta.
Aksi kiye dilakokna kanthi ndhasari Undang-Undang Nomor 9 Tahun 1998 tentang Kemerdekaan Menyampaikan Pendapat di Muka Umum. Pihak penyelenggara njamin kegiatane bakal mlaku kanthi tertib, santun, lan ora ngganggu ketertiban umum.
Kanggo warga masyarakat sing arep ngliwati rute-rute kuwe, diimbau supaya ngati-ati lan nggolek dalan liya yen ora pengin kena macet. Saiki, pihak kepolisian wis nyiapna pengamanan supaya kegiatane bisa mlaku lancar lan ora ana apa-apa.
Plubiser Red

