Blackasoetakebumen.com . kebumen - Suasanane rame lan kebak guyub katon neng GOR Sumberadi, Kecamatan Kebumen, Setu (27/6/2026). Kodim 0709/Kebumen bareng Pemerintah Kabupaten Kebumen nganakake Nonton Bareng (Nobar) Piala Dunia 2026 sing diikuti atusan warga saka maneka unsur.
Acara iki dirawuhi Wakil Bupati Kebumen H. Zaeni Miftah, Dandim 0709/Kebumen Letkol Inf. Eko Majlistyawan Prihantono, S.H., M.I.P., pejabat Pemkab, mahasiswa, pelajar, insan media, organisasi masyarakat, nganti warga umum. Kabeh padha kumpul dadi siji kanggo nonton bal-balan lan nguwatke rasa paseduluran.
Neng sambutane, Dandim ngendika yèn kegiatan nobar ora mung kanggo hiburan, nanging uga dadi cara nguwatke silaturahmi lan komunikasi antarane TNI karo masyarakat. TNI, miturut dheweke, bakal tetep cedhak lan siap mbantu masyarakat liwat program-program sing migunani.
Wakil Bupati Kebumen uga menehi apresiasi marang kegiatan iki. Miturut dheweke, acara kaya ngene apik kanggo nguwatke sinergi antarane pemerintah, TNI, lan masyarakat supaya Kebumen saya maju lan guyub.
Pertandingan sing ditonton yaiku Belgia nglawan Selandia Baru, kanthi asil pungkasan Belgia menang 5-1. Saka wiwitan nganti rampung, warga katon semangat, sorak-sorai bareng, nanging tetep tertib lan kondusif.
"Nonton bal bareng kaya ngene ki pancen nyenengke. Ora mung nonton bal tok, ning uga dadi panggonan ngumpul, guyub rukun, lan nambah cedhake TNI karo masyarakat. Muga-muga acara kaya ngene bisa kerep dianakake neng panggonan liya, ben rasa paseduluran lan kebersamaan warga Kebumen saya kuwat."
Jurnalis Suroyo


