Blackasoetakebumen.com ORA ngapak ORA kepenak Kebumen, 26 Juni 2026 – Sebagai upaya nyawiji lan ngrumat komunikasi karo konstituen, anggota DPRD Kabupaten Kebumen sekang Fraksi Nasdem, Faiq Hasan, nembe baen nggelar kegiatan reses masa sidang III tahun sidang 2025-2026. Pertemuan sing dilaksanakna nang Daerah Pemilihan (Dapil) 7 kuwe karawuhan sekang jajaran kepolisian, perwakilan Sekretariat Dewan (Sekwan), kepala desa, uga tokoh masyarakat sekang wilayah Ambal, Mirit, Poncowarno, Prembun, lan Bonorowo.
Ana perwakilan sekang Sekretariat Dewan nang acara kuwe dadi bukti pentinge tertib administrasi. Pihak Sekwan ngrangkul anggota dewan nggo mastikna kabeh aspirasi sekang warga kecathet nganggo prosedur formal. Ora mung kuwe, Sekwan uga menehi arahan teknis marang perangkat desa supaya proses input data usulan pembangunan pas karo aturan anggaran sing berlaku.
Nang ngarepe warga, Faiq Hasan njelasna babagan kewenangan lan fungsi pengawasan DPRD. Dheweke nekenna nek pembangunan daerah perlu sinergi sing kuwat antarane masyarakat lan pemerintah. Miturut dheweke, warga kudu paham regulasi supaya aspirasi sing disampaikna bisa diakomodasi kanthi efektif lan ora nabrak aturan.
Babagan aspirasi sing mlebu, Faiq kanthi blaka njelasna kendala administratif sing sering dadi ganjelan realisasi pembangunan. Masalah kaya data sing ora pas utawa proposal sing kurang lengkap sering dadi alangan. Mula, Faiq bareng tim Sekwan ngajak masyarakat lan perangkat desa supaya luwih profesional nggarap proposal supaya lulus verifikasi.
Faiq uga nyoroti kahanan kebijakan Pokok-pokok Pikiran (Pokir) sing lagi ana penyesuaian. Dheweke crita nek saiki ana koordinasi intensif antarane pemerintah daerah karo Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK), uga audit sing luwih ketat sekang Badan Pemeriksaan Keuangan (BPK). Langkah iki dilakoni supaya kabeh perencanaan anggaran pas karo aturan pemerintah pusat.
Ora mung fokus marang infrastruktur fisik, Faiq ngomong nek aspirasi uga bisa awujud program pemberdayaan ekonomi kreatif utawa dukungan aturan daerah liyane. Saiki, dheweke lagi aktif mbahas rancangan peraturan daerah sing strategis, salah sijine aturan babagan penataan telekomunikasi sing bakal ngrambah nganti tekan pelosok desa.
Kegiatan reses ditutup nganggo sesi dialog sing gayeng. Faiq komitmen bakal terus ngawal aspirasi sing mlebu, senajan ana keterbatasan anggaran lan tantangan regulasi sekang pusat. Langkah iki dadi bukti keterbukaan informasi sing dibangun Faiq bareng konstituen supaya pembangunan nang Dapil 7 Kebumen bisa tepat sasaran lan akuntabel.
Jurnalis Ais




