🏡 KANTOR REDAKSI BLAKASUTA NEWS: DESA KALIBEJI RT.04 RW.01 KEC.SEMPOR — KAB.KEBUMEN, 💯 APA ADANYA, UNTUK INDONESIA 🇮🇩

Pendopo Kabumian Gemuruh, Warga Kebumen Guyub Ndhukung Persak Kebumen


Kebumen –Blackasoetakebumen.com ORA ngapak ORA kepenak, Semangat warga Kebumen anggone nyengkuyung tim kebanggaane, Persak Kebumen, katon sumringah banget nalika acara nonton bareng (nobar) pertandingan Persak Kebumen nglawan Persiharjo Sukoharjo, Setu (13/6/2026) . Acara sing dianakna nang Pendopo Kabumian kuwi dadi ajang kumpul warga sing pengin menehi dukungan moril kanggo tim kesayangane.



Wiwit menit kapisan, warga wis katon antusias. Persak Kebumen sejatine nduweni akeh kesempatan emas kanggo nggol, nanging dewi fortuna durung mihak. Malah, Persiharjo Sukoharjo luwih ndhisiki nyolong poin liwat gol sing nggawe skor dadi 0-1 kanggo keunggulan tim tamu nganti babak kapisan bubar.




Mlebu babak kapindho, para pemain Persak ora kendho. Semangate tetep murub, apamaneh dibarengi dukungan swara saka warga sing ngebaki Pendopo Kabumian. Usaha kerja keras kuwi akhiré membuahkan hasil ing menit ke-74, Persak Kebumen kasil nyamakake kedudukan dadi 1-1. Gol kuwi langsung disambut sorak-sorai bungah sing nggawe kahanan pendopo dadi tambah gemuruh karo tepuk tangan lan yel-yel dukungan.

Ing acara nobar kuwi, katon hadir Bapak Muhammad Yahya Fuad, bojoné Bupati Kebumen, , Jubair ketua KONI Kabupaten Kebumen, sarta perwakilan sekang Dinas Pendidikan. Wong-wong kuwi kabeh nyawiji dadi siji karo masyarakat lan para pendukung Persak, kalebu Rizal sing melu ngeramekne swasana.

Nganti peluit dawa dibunyikna wasit, skor tetep imbang 1-1. Senajan durung bisa nggawa kamenangan, warga tetep ngrasa bangga karo perjuangane para pemain Persak sing wis main ngotot lan ora gampang nyerah nang lapangan.

Acara nobar nang Pendopo Kabumian mlaku kanthi lancar, guyub, lan kebak rasa paseduluran. Muga-muga wae Persak Kebumen kedepane tambah digdaya lan bisa ngukir prestasi sing luwih apik maning kanggo nggawa jeneng apik Kabupaten Kebumen. Persak... Jaya!


Jurnalis Suroyo 

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Newsletter

Copyright

Formulir Kontak