🏡 KANTOR REDAKSI BLAKASUTA NEWS: DESA KALIBEJI RT.04 RW.01 KEC.SEMPOR — KAB.KEBUMEN, 💯 APA ADANYA, UNTUK INDONESIA 🇮🇩

Pemkab Kebumen Fasilitasi Nobar Persak, Suporter Seneng Banget


Kebumen, Blackasoetakebumen.com ORA ngapak ORA kepenak , – Warga Kebumen, khususe pendukung setia Persak Kebumen, lagi bungah pol. Soale, Pemerintah Kabupaten Kebumen ngewenehi dukungan nyata nggo tim kebanggaan daerah kuwe. Dukungan kuwe diwujudna nganggo acara nonton bareng (nobar) pertandingan Persak sing dianakna nang Pendopo Kabumian, dina Setu, 13 Juni 2026 kiye.

Acara nobar kiye dadi wadah nggo warga sing pengin banget ndelok perjuangane tim kesayangane pas lagi main adoh (tandang). Koordinator suporter Persak Kebumen, Rizal, ngomong nek inisiatif sekang Pemkab kiye positif banget. Ora mung nggo ngraketna paseduluran antar suporter, tapi ya dadi bentuk dukungan moral sing nyata nggo para pemain.


"Nyong matur nuwun banget karo Pemkab Kebumen sing wis nyediana fasilitas nggo awak dewek kabeh. Perhatian sekang Pemkab kiye dadi tambahan semangat nggo skuad Persak sing lagi berjuang nggawa jeneng apik Kebumen nang kancah sepak bola nasional," ujar Rizal.

Dina kiye, Persak Kebumen pancen lagi tandang ngadepi Persiharjo nang Stadion Jember Sport Garden, Jember. Pertandingan kiye dadi momen penting banget nggo tim supaya bisa entuk hasil maksimal lan njaga asa nang kompetisi.

Rizal ya ngajak kabeh warga Kebumen kon tetep ngirim donga lan dukungan positif nggo Persak. Dheweke pesen supaya tetep njaga sportivitas lan semangat paseduluran, baik sing lagi nobar nang Pendopo Kabumian utawa sing lagi ndelok nang nggon liya.

"Muga-muga baen Persak bisa tampil impresif lan menang nang Jember. Mugane, kompaké warga Kebumen kiye bisa dadi energi tambahan nggo pemain supaya bisa berjuang pol-polan nang lapangan," tambahe Rizal.

Acara nobar nang Pendopo Kabumian kiye terbuka nggo umum, sapa baen sing pengin melu menehi dukungan bareng-bareng nggo Persak Kebumen, monggo merapat!

Plubiser Red 


Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Newsletter

Copyright

Formulir Kontak