Kebumen, Blakasoetakebumen.com ORA ngapak ORA kepenak– Suasana bungah lan meriah keton nemen ana nang Desa Jemur, Kecamatan Pejagoan, Kabupaten Kebumen. Nang dina Setu, 6 Juni 2026 sekitar jam 14.00 WIB, Ami Nilmala Hanung, putrine Bapak Yatin lan Ibu Nurjanah, resmi dadi garwane Metin Levent, priya sekang Negara Turki. adicara ijab kabul lan resepsi kuwi digela nang kediamane mempelai wanita.
Critane pancen unik lan ora nyangka pisan. Wiwit kenal mung liwat HP, wong loro kuwi padha komunikasi nganti kurang luwih setaun. Sanajan adoh dipisah negara lan segara, nanging rasa tresna lan percaya teyeng njalari hubungan kuwi saya cedhak. Akhire Metin Levent gelem teka adoh-adoh maring Kebumen nggo nglamar lan nggarwa Ami.
Wong tuwane Ami sempet kaget lan ora nyangka, amarga Ami dikenal dadi bocah wadon sing pendiam lan ora tau kakehan omong. Nanging sing jenenge wis jodho, pancen ora ana sing ngerti dalane Gusti Allah. Saiki Ami lan Metin wis resmi dadi pasangan bojo.
Acara pernikahan sing dimula ket wingi awan kuwi lumaku kanthi lancar, khidmat, lan kebak rasa kekeluargaan. Akeh sedulur, tangga teparo, kanca-kanca, lan tamu undangan sing padha teka nggo menehi ucapan selamat lan donga marang penganten anyar.
Ibu Nurjanah (ibune Ami) sing dikenal aktif ana nang organisasi lan komunitas uga olih dhukungan sekang akeh kanca-kancane. Mula ora nggumunake nek acarane dadi luwih rame, guyub, lan meriah.
Ketua Komunitas Solidaritas Seduluran Selawase (SSSK) Kebumen bebarengan puluhan anggotane uga melu rawuh nang acara kuwi. Saliyane kuwi, komunitas-komunitas liyane sekang wilayah Kebumen uga padha teka nggo nyekseni lan menehi donga sing paling apik.
"Dugane mung kenal liwat HP, jebul teyeng tekan pelaminan. Muga-muga dadi keluarga sing SAMAWA, uripe rukun, tentrem, kebak rejeki, lan enggal diparingi momongan," ujare salah siji tamu undangan sing melu ngrasa bungah.
Kabeh sing padha rawuh ndongakake supaya Metin Levent lan Ami Nilmala Huang teyeng mbangun rumah tangga sing langgeng, saling ngregani, saling ngopeni, lan tansah diparingi berkah dening Gusti Allah SWT. *Selamat nggo penganten anyar!*
Pewarta Royo

