🏡 KANTOR REDAKSI BLAKASUTA NEWS: DESA KALIBEJI RT.04 RW.01 KEC.SEMPOR — KAB.KEBUMEN, 💯 APA ADANYA, UNTUK INDONESIA 🇮🇩

Wong Kebumen Sreg Yen Pemda Gelem 'Ngopeni' Persak, Kaya Purbalingga Sing Totalitas!


Petanahan Blackasoetakebumen.com ORA ngapak ORA kepenak – Deleng sedulur sebelah, Pemkab Purbalingga ki lagi tenanan banget anggone nyengkuyung tim bal-balane, Persibangga Purbalingga. Buktine, ana Surat Edaran nomer 426/9473 sing ditapakasmani Bupati Purbalingga tanggal 8 Juni 2026 wingi. Isine tegas: kabeh ASN karo pegawai BUMD dikon mangkat nonton langsung nggo nyemangati Persibangga pas laga Putaran Nasional Liga 4 Piala Presiden 2026.


Bang Rob, salah siji suporter setia Persak Kebumen sekang Petanahan, melu angkat bicara. Dheweke mbiji langkah kuwe apik banget, dadi bukti nek pemerintah bener-bener hadir lan pengin majukna olahraga daerah. Miturut Bang Rob, apa sing dilakoni Pemkab Purbalingga kuwe pantes dadi tulada utawa inspirasi nggo Pemkab Kebumen.

"Nyong asline ya iri sithik, tapi ya seneng ndeleng wong Purbalingga kompak banget. Kudune Kebumen ya bisa kaya kuwe," jare Bang Rob karo semangat.

Miturut pandangane Bang Rob, sinergi antarane Pemda karo masyarakat ki dudu mung nggo gaya-gayaan ning tribun baen, tapi dadi "bensin" moral sing penting banget nggo nambah semangat pemain nang lapangan. Bang Rob karo kanca-kanca suporter liyane ngarep-arep banget Pemkab Kebumen gelem nggatekna Persak Kebumen supaya bisa luwih moncer lan prestasine mumbul nang tingkat nasional.

Sing dikarepna suporter ki ora muluk-muluk. Pemkab Kebumen dipengini gelem melu cawe-cawe, kayata nyediakna fasilitas sing layak, pejabat sing gelem mudhun langsung neng stadion nggo nyemangati, tekan koordinasi supaya semangat juang Persak tetep membara saben pertandhingan.

Kebijakan sing ana neng Purbalingga kuwe nyakup kabeh OPD, Dinas Pendidikan, Kesehatan, tekan Pemdes dikon ngawal perjuangane tim neng stadion. Saiki, kabeh pegiat bal-balan nang Kebumen lagi nunggu, kira-kira Pemkab Kebumen gelem ora ya niru langkah kuwe? Kabeh warga Kebumen mesthi pengin Persak bisa dadi kebanggaan lan duwe marwah sing disegani nang kancah bal-balan nasional.

Plubiser Red 

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Newsletter

Copyright

Formulir Kontak