Jakarta - Blackasoetakebumen.com ORA ngapak ORA kepenak , Ana kabar anyar sekang Badan Gizi Nasional utawa sing tv akrab diarani BGN. Siki wis ana pimpinan anyar sing siap mimpin lan ngawal program gizi nasional nggo mujudna generasi Indonesia sing sehat lan hebat. Formasi pimpinan iki isine wong-wong hebat sing dadi kombinasi pas antarane akademisi, profesional keuangan, lan militer.
Sing pertama ana Nanik Sudaryati Deyang, utawa asring diceluk Nanik S. Deyang, sing siki dipercaya dadi Kepala BGN. Wong wadon lair mawi Madiun iki dudu wong sembarangan, dheweke lulusan S1 Biokimia Universitas Jenderal Soedirman lan S2 Kehutanan Universitas Gadjah Mada. Sedurunge, Nanik pancen wis suwe dadi Wakil Kepala BGN kawit November 2024 lan tau dadi Pelaksana Antar Program MBG. Latar mburi karire uga jembar banget, tau dadi jurnalis senior lan aktif neng Badan Percepatan Pengentasan Kemiskinan lan Kemiskinan Ekstrem.
Saliyane Kepala, ana uga Wakil Kepala BGN sing anyar yaiku Agustina Arumsari. Dheweke kuwi profesional sing mumpuni banget neng babagan pengawasan keuangan negara. Agustina kuwi lulusan D3 lan D4 Akuntansi sekang Sekolah Tinggi Akuntansi Negara utawa STAN. Karire neng Badan Pengawasan Keuangan dan Pembangunan utawa BPKP wis ora perlu diragukan maning, tau dadi Direktur Investigasi BUMN utawa BUMD taun 2017 nganti dadi Deputi Kepala BPKP Bidang Investigasi taun 2020.
Pengalaman kiye mesthi bakal nggawe tata kelola keuangan lan akuntabilitas neng njerone BGN dadi luwih transparan lan kuat.
Ora mung kuwi, BGN uga nduweni Wakil Kepala BGN liyane yaiku Mayjen TNI Trenggono. Dheweke kuwi perwira tinggi Tentara Nasional Indonesia Angkatan Darat sing wis pengalaman banget.
Sedurunge mlebu neng jajaran pimpinan BGN, Mayjen TNI Trenggono tau njabat dadi Wakil Direktur Utama PT Agrinas Pangan Nusantara, yaiku perusahaan sing obah neng babagan pertahanan lan ketahanan pangan strategis. Neng BGN, fokus utamane yaiku nggo nguatna sistem logistik, manajemen dapur Satuan Pelayanan Pemenuhan Gizi utawa SPPG, sarta ngawal operasional distribusi program gizi nasional neng lapangan.
Kanthi anane pimpinan anyar sing nggawa semboyan kolaborasi, integritas, lan ketulusan nggo gizi berkualitas iki, BGN nduweni siji tujuan lan siji komitmen, yaiku nggo mujudna generasi Indonesia sing sehat lan hebat liwat tata kelola sing kuat lan kolaborasi sing apik kanggo negeri.
Plubiser Red
