Kebumen Blackasoetakebumen.com ORA ngapak ORA kepenak – Cerita rakyat lan tinggalan sejarah nang Dukuh Lurahkarsa, Kebumen, nggawa pesen sing jero pisan ngenani pentingne njaga kerukunan rumah tangga sarta keseimbangan alam. Crita kiye dadi salah siji warisan budaya sing mratandani kepriwe masyarakat jaman ganu ngadepi tantangan urip liwat pendekatan spiritual sarta simbol-simbol alam.
Miturut riwayat masyarakat, crita kiye bermula sekang lakune Empu Giyanta sing semedi telung dina telung wengi nang sela-selaning watu gedhe Dukuh Lurahkarsa nalika desane lagi kena pagebluk sarta kekeringan. Nang njeron paimpene, deweke nampa pituduh sekang Dewi Sri lan Batara Guru sing medun nggawa cahya biru sarta emas sing nggambaraken simbol Lingga lan Yoni. Pesen utama sekang pituduh kuwe mau yaiku, selagi wong lanang lan wadon durung bisa manunggal ngopeni bumi, pagebluk ora bakal rampung. Lingga tanpa Yoni dadi watu bisu, lan Yoni tanpa Lingga dadi lemah tandus.
Sawise nampa pituduh kasebut, Empu Giyanta banjur ngukir watu andesit dadi bentuk Lingga Yoni lan ndhelikake nang ceruk cedhak Sendang Giyanta. Deweke uga ngajak kabeh warga, sing lanang nggawa banyu sekang kali lan sing wadon nggawa kembang sarta dupa, nggo bareng-bareng nyirami watu kasebut karo njaluk pangapura sarta janji bakal njaga keseimbangan alam. Ora suwe sawise kuwe, sendang sing maune garing bali muncrat lan banyune dadi jernih maneh, satemah sawah-sawah dadi ijo royo-royo.
Saka kedadean kuwe, lair tradisi nang warga Giyanti. Angger ana manten anyar, para warga padha ziarah disit maring watu sing dipercaya dadi Lingga Yoni kuwe, nggo njaluk berkah supaya rumah tanggahe rukun lan subur kaya lemahe Desa Giyanti.
Nalika ajaran Islam mlebu maring wilayah kasebut, tinggalan Lingga Yoni kuwe ora dirusak dening masyarakat. Kanggo njaga toleransi sarta ngindari bentrok utawa salah paham, warga banjur nyebut situs kasebut dadi Watu Lurahkarsa. Nganti seprene, angger ana warga sing ngerasa desane lagi garing banget utawa ana sing rumah tanggahe lagi padu, isih ana bae sing teka sepi-sepi maring ceruk Lurahkarsa nggawa dupa lan kembang. Laku kiye nduweni tujuan nggo ngelingi pituture Empu Giyanta nek jagad kuwe urip amarga ana manunggalis lanang lan wadon, sarta minangka pangemut ngenani pentingne harmoni sarta ngajeni alam semesta.
Situs sarta crita Lingga Yoni nang Kebumen sing diprakirakna nduweni umur sekang abad kaping 7 nganti 10 Masehi kiye dadi bukti nyata kepriwe nilai-nilai kerukunan sarta pelestarian alam wis dadi dhasar uripe masyarakat ket dharatan jaman dhisit. Warisan budaya kiye terus diuri-uri minangka pengingat sosial sarta kearifan lokal sing adhiluhung.
Jurnalis Nanang
