🏡 KANTOR REDAKSI BLAKASUTA NEWS: DESA KALIBEJI RT.04 RW.01 KEC.SEMPOR — KAB.KEBUMEN, 💯 APA ADANYA, UNTUK INDONESIA 🇮🇩

Bledos Kasus Kebumen, Sujud lan Kartiko SH Meluncur maring Polda Jateng


Blackasoetakebumen. Com. Ora ngapak ora kepenak -SEMARANG– Ora suwe-suwe, langkah hukum beneran ditempuh nang Kang Sujud sekalian pengacara andalane, Pak Kartiko, S.H. Wong loro kuwe teka langsung maring Ditreskrimsus Polda Jawa Tengah go ngelungaken surat pengaduan resmi maring Bagian Pengawasan Penyidikan (Bagwassidik).

Usut punya usut, aduan kiye digulawentah gara-gara anane dugaan oknum anggota Satreskrim Polres Kebumen (khususe Unit III Tipikor) sing kerjane pating pecut alias ora profesional. Dina kiye, Senin 17 Agustus 2026, Wong loro mau njedhul nang Polda.


Enyong karo Rika kudu ngerti, Kang Sujud mambu-mambu BAP saksi—sing kudune dadi rahasia dapur penyidik—ujug-ujug malah wis ucul tekan tangane pihak terlapor. "Lha wong BAP kuwe kan dokumen internal rahasia, sing olih nyekel mung penyidik, jaksa, karo tim reserse! Nek tekan bocor kaya kiye ya jan mencederai hukum lan nggawe rugi pihak pelapor, Biyung alah!" omongane Kang Sujud karo muring-muring sithik.

Sakdurunge meluncur maring Polda Jateng, tim-e Kang Sujud sejatine wis njajal rembogan lan njaluk kejelasan maring Si Propam Polres Kebumen. Niatane ben rampung nang kandhang dewek. Tapi nganti seprana-seprene, ditunggu-tunggu malah ora ana pergerakan alias blar—sepi nyenyet tanpa respon! Amarga wis gemes lan pengin kejelasan hukum sing padhang njlangglang, ya wis, budhal sekalian nggawe laporan resmi maring Polda Jateng.

Pak Kartiko, S.H. ya melu nambahi nek kabeh berkas bukti, tanda terima laporan, tekan dokumen pendukung wis dilesekna kabeh maring petugas Polda Jateng.

"Enyong karo Rika kabeh pengin Polda Jateng mudhun tangan go ngecek lan ngawasi penyidikan nang Polres Kebumen. Ben proses hukume tetep lempeng, transparan, lan ora pating pencolot!" jare Pak Kartiko manteb.

Plubiser red

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Newsletter

Copyright

Formulir Kontak