🏡 KANTOR REDAKSI BLAKASUTA NEWS: DESA KALIBEJI RT.04 RW.01 KEC.SEMPOR — KAB.KEBUMEN, 💯 APA ADANYA, UNTUK INDONESIA 🇮🇩

Syukuran HUT RI kaping-81 teng Dukuh Kurwok: Atusan Warga Lesehan 100 Meter teng Dalan RW 01

Blckasoetakebumwn. Com, KALIBEJI Sempor
– Pemandangan sing ora biasa keton teng Dalan RW 01 Dukuh Kurwok, Desa Kalibeji. Dalan dawa sing luwih sekang 100 meter kie dibekeki atusan warga sekang warna-warna generasi, mulai sekang wong tuwa nganti bocah-bocah. Kabeh padha lungguh jajar rapi lesehan teng pinggir tengen karo kiwa dalan kanggo melu acara malam tirakatan lan syukuran HUT kaping-81 Republik Indonesia.

Acara sing mlaku khidmat tur kebak rasa syukur kie dadi momen sing sejarah banget gawe warga RT 04 RW 01.

Ketua RT 04 ngomong yen kegiatan silaturahmi gedhe kaya mriki nembe pisanan didadekna secara terbuka teng dalan utama lingkungan.

Miturut deweke, momen lungguh bareng tanpa ana sekat umur lan mangan bareng kie dadi simbol kebersamaan anggone ngisi kemerdekaan.

Teng kesempatan mriku, Ketua RW Mujiono macakna pesen tulis sekang Ketua DPRD Kebumen sing ngajak masyarakat nggo nguatna rasa nasionalisme sekang tingkatan paling ngisor. Semangat kemerdekaan teng Dukuh Kurwok uga diramakna karo pirang-pirang lomba gawe bocah-bocah lan wong dewasa sing puncake pan diselenggarakna lewat acara jalan santai sing hadiah utamane wedhus siji.

Apresiasi dhuwur teka sekang tokoh masyarakat setempat sing muji kerja kerase pengurus RT lan kebersamaan kabeh warga. Deweke ngarep-arep tradisi kie bisaha terus mlaku luwih rame maning teng tahun ngarep, karo ora klalen ngelingna pentinge njaga persatuan, ngurip-urip gotong royong, lan tansah peduli maring tangga sing lagi kesusahan utawa lara.

Plubiser red


Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Newsletter

Copyright

Formulir Kontak