Blackasoetakebumen. Com Puring - kebumen ora ngapak ora kepenak – Swasana khidmat lan kebak rasa syukur nyelimuti Dukuh Tunjungan Selatan RT 05 RW 01, Desa Sidobunder, Kecamatan Puring. Warga setempat padha kumpul nyelenggarakaken pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW ring Mushola An-Nur, sing dirangke karo acara Khotmil Qur'an Madrasah Diniyah An-Nur.
Momen keagamaan sing bertepatan karo tanggal 10 Rabiul Awal 1448 H kiye krasa tambah istimewa amargi berbarengan karo swasana Pengetan Hari Kemerdekaan Republik Indonesia sing kaping 81. Pas wewarah sambutan, Kepala Desa Sidobunder, Sarno, ngaturaken apresiasi sing jero marang panitia lan warga, sisan ngandharaken dinamika pembangunan nang desane.
Sarno ngungkapaken yen saliyane acara keagamaan lan kemerdekaan, Desa Sidobunder tas wae ngrampungaken pembangunan jalan penggilingan sing nggandhengaken antarwilayah marang kawasan pertanian. Pembangunan infrastruktur kiye diarep-arep bisa nggulawentah lan ngundhakaken roda perekonomian para petani lokal. Saliyane kuwe, dheweke uga nyelipaken doa supata para pahlawan sing wis gugur nang Desa Sidobunder bisa diakui dadi pahlawan nasional.
Acara Khotmil Qur'an ditandai karo penyerahan sertifikat keberhasilan hafalan marang 9 santri, sing dumadi saka 7 santri putri lan 2 santri putra. Minangka wujud rasa seneng lan apresiasi, para wali santri uga ngewahi bebungah khusus kanggo para ustadz sing wis telaten lan sabar nggula wenthah anak-anake.
Tausiyah utama kaandharaken dening Ustadzah Ummi Afifah Faturohmahnia sing rawuh langsung saka Banyumas. Dheweke ngandharaken babagan tandha-tandha lan perjuangan kanggo nggayuh drajat iman sing dhuwur miturut ajaran Islam. Wong sing bisa nggayuh kemenanganing Gusti Allah kuwe wong sing gelem berjuang, njaga atine, lan nindakaken kebecikan sanajan nang kahanan sing angel.
Ustadzah Ummi Afifah uga njelasaken yen kemardikan nagara lan kemardikan hakiki kuwe mbutuhaken perjuangan sing ora gampang, butuh keringet lan getih. Supaya bisa njaga iman lan nggayuh swarga sing dikumpulaken bareng keluarga lan wong-wong soleh, Kanjeng Nabi njelasaken pentingipun njaga ati supaya tetep sehat. Pitutur saka Imam Al-Ghazali lan tembang Tombo Ati dadi pangeling-eling supaya warga tetep rajin maca Qur'an, sholat wengi, kumpul karo wong soleh, pasa, lan zikir sing suwe. Kebahagiaan lan rasa tresna marang Rasulullah SAW dadi kunci utama kanggo nggayuh syafaat lan berkahing urip.
Arif Syarifudin minangka ketua panitia ngaturaken rasa syukur amargi kabeh rerangkening acara mlaku lancar saka awal tekan pungkasan. Semangat gotong royong warga lan panyengkuyung saka para wali santri dadi kunci suksesing perhelatan sing nggabungaken nilai spiritualisme lan nasionalisme nang Desa Sidobunder kiye.






