Blackasoetakebumen.com ora ngapak ora kepenak Karangnganyar Kebumen — Ribuan warga Desa Wonorejo, Kecamatan Karanganyar, Kabupaten Kebumen, nggelar tradisi tahunan Merdi Desa kanthi meriah lan kebak rasa kebersamaan. Acara Budaya sing dadi simbol rasa syukur marang Gusti Kang Maha Kuasa iki disemarakna karo anane 1.000 tumpeng gawaane warga sekang macem-macem wilayah RT lan RW.
Suasana guyub lan rukun katon cetha nalika masyarakat padha ngumpul nggawa tumpeng hiasan asil bumi. Tumpeng-tumpeng kasebut dikumpulna dadi siji ing lokasi acara sadurunge didonga bareng-bareng lan dinikmati dening kabeh sing rawuh.
Kepala Desa Wonorejo, Oyong, ngandhakna yen tradisi Merdi Desa kasebut minangka wujud nyata rasa syukur masyarakat atas sakabehing limpahan rezeki lan asil pertanian sing wis ditampa sajrone setaun pungkasan.
"Acara Merdi Desa iki wis dadi tradisi saben taun. Tujuane minangka rasa syukur marang Gusti Allah SWT atas limpahan rezeki, utamane saka hasil panen pari sing wis diparingna marang masyarakat," ujare Oyong nalika ditemoni ing sela-sela kegiatan.
Dheweke nambahna, saliyane dadi wujud syukur, kegiatan iki uga nduweni peranan penting kanggo ngraketna tali silaturahmi sarta njaga nilai-nilai gotong royong sing dadi warisan leluhur. Semangat kebersamaan antarwarga iki samesthine terus dijaga lan dilestarikan ing tengahing jaman modern.
Kanthi anane tumpengan iki, warga Desa Wonorejo nduweni pangarep-arep amrih sektor pertanian ing desane tansah diparingi kelancaran, asil panen sing luwih apik, lan masyarakat tansah diparingi kesehatan, ketentreman, sarta kemakmuran.
Rangkaian acara Merdi Desa iki lumaku kanthi aman, tertib, lan kebak kabungahan nganti rampung. Kegiatan kasebut mbuktekna yen kearifan lokal lan tradisi kabudayaan ing Kabupaten Kebumen isih lestari lan dijaga kanthi apik dening masyarakate.
Jurnalis nanang


