🏡 KANTOR REDAKSI BLAKASUTA NEWS: DESA KALIBEJI RT.04 RW.01 KEC.SEMPOR — KAB.KEBUMEN, 💯 APA ADANYA, UNTUK INDONESIA 🇮🇩

Dalan Rusak 'Kaya Kubangan Kebo' lan Kepungan Ritel Modern: Jerite Pedagang Pasar Demangsari Sing Arep Bangkrut

KEBUMEN – Kondisi dalan lan duniane wong dagang nang wilayah Kecamatan Ayah lagi dadi omongan sing ora enak. Pasar Demangsari sing kudune dadi sumbere ekonomi wong cilik, siki kondisine melas pisan. Ora mung kumuh, dalan utama nang area pasar siki wis malih dadi bolongan nggo-nggo sing isine banyu, wis persis banget kaya kubangan kebo.

Papat Wulan Ora Ditulih Pemerintah
Miturut ceritane Dadan, salah siji warga kono, dalan rusak kuwe wis dijerna bae meh patang wulan suwene. Nganti berita kiye metu, durung ana tanda-tanda arep didandani nang dinas sing ngurusi.
> "Wis ana telu nganti patang wulan kondisine kaya kiye (rusak parah). Dewek pengin banget Dinas PUPR Kebumen karo Disperindag ndang mudhun tangan. Aja ngenteni ana sing nemu cilaka utawa ekonomine mati total nembe didandani," ujare Dadan karo nada gela pisan.

Dalan sing mbecek lan akeh bolongane kiye jarene sing dadi sebab utama wong-wong dadi wegah blonjo maring pasar tradisional. Wong arep liwat bae wedi tiba, apa maneh kon nyaman blonjo.

Dipitpit Ritel Modern, 

Pedagang Cilik 'Engpogan'
Penderitaane pedagang Pasar Demangsari jebule ora mung perkara dalan rusak tok. Tekane ritel modern kaya Mall Karisma nang wilayah kono dadi "antreman" sing marahi pedagang pasar mlongo.

Salah siji pedagang sing inisiale R ngetokna uneg-unegge. Dheweke ngomong nek asile dagang (omzet) mudhun drastis wiwit mal kuwe ngadek. Sing gawe nyesek, pas pedagang lagi kangelan golet panuku, malah siki ana pembangunan mal anyar maneh nang sebelah wetan pasar sing arah maring Kantor Kecamatan Ayah.

"Dalan wis rusak parah, siki malah dikepung mal. Nasibe pedagang pasar dadi kejepit lan sepi pisan," sambate R.

Nggugat Kebijakan Perizinan

Para pedagang siki takon-takon, kepriye komitmen Pemerintah Kabupaten Kebumen nggo nglindungi wong cilik. 

Wong-wong kuwe njaluk Bupati Kebumen, dinas terkait, nganti anggota DPRD nggo ngecek maneh aturan izin ritel modern sing panggonane perek banget karo pasar tradisional.

"Enyong nyuwun maring Bapak Bupati karo Pak Dewan, tulung perizinan (ritel modern) kuwe aja waton di-ACC bae. Pikirna nasibe dewek pedagang cilik sing wis puluhan tahun golet pangan nang kene," pungkase.

Catatan Redaksi:

Nganti berita kiye diunggah, tim esih berusaha konfirmasi maring Dinas PUPR lan Disperindag Kabupaten Kebumen perkara rencana ndandani dalan lan aturan panggonan ritel modern nang wilayah Kecamatan Ayah.


Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Newsletter

Copyright

Formulir Kontak