
KEBUMEN – Proyek infrastruktur dalan sing nggabungna Desa Kreteg karo Desa Giyanti siki agi dadi omongané wong akèh (radar publik). Senajan ngetokna dhuwit sing dudu sethithik—tembus Rp2,7 miliar luwih sing digelontorna rong tahap nang taun 2025—jebulé hasilé nang lapangan malah nggawé gela.
Padahal durung suwé dadi, dalané wis katon rusak (gejala struktural).
Fakta nang Lapangan: Rusak nang Titik Sing Bahaya
Angger dideleng langsung nang lokasi, cor-coran beton sing digarap nang tahap pertama wis mulai retak rambut tekan retak sedeng. Sing paling nggawé miris kuwi bangunan talud (penahan dalan) sing nempel langsung karo pinggir kali.
Bangunan sing kuduné dadi bènthèng bèn ora longsor, siki malah katon ringkih, wis ana retakan dowo. Angger didingati, kuwi talud angger ora ndang didandani bisa "mlantar" utawa ambrol maring kali. Angger kuwi kedadèn, dalan sing anyar dadi kuwi ya otomatis bakal pedhot total.
Sambatane Warga:
"Dhuwit Semono Okehé, Garapané Kok Kaya Kiye?"
Warga sekitar wis ora bisa ndingini rasa gelané. Proyek sing kuduné nggawé akses ékonomi lancar, malah nggawé rasa was-was lan wedi, apamanèh angger agi udan deres.
> "Kondisi taludé siki wis mbahayani pisan. Pinggiré wis mletèk, angger ora cepet-cepet diurus ya bisa ngglongsor maring kali," jaré salah siji warga sing nemoni tim investigasi nang lokasi.
Warga ya wedi, angger taludé ambruk, banyu kali bakal nggurus badan dalan (abrasi), dadi dalan anyar kuwi bisa ilang ketutup kali nang sekejap mata.
Pengawasé "Siji nggo Kabeh": Kerjané Bener Apa Ora?
Siki sing dadi sorotan landhep ya kuwi masalah manajemen karo pengawasané. Senajan sing nggarap (kontraktoré) béda perusahaan, tapi konsultané jebulé padha baé. Wong-wong dadi takon, "Apa iya pengawasé bisa teges lan bener-bener teliti nang lapangan angger sing dipariksa kuwi kanca-kancané déwé?"
Data Detail Proyek Dalan Kreteg-Giyanti (T.A. 2025):
* Pengerjaan Tahap 1 (Awal):
* Nilai Kontrak: Rp973.700.000,-
* Kontraktor: CV. Ageng Jaya Nusantara
* Konsultan Perencana: CV. Luhur
* Konsultan Pengawas: CV. Abe Karya Konsultan
* Sumber Dana: APBD
Kabupaten Kebumen 2025
* Pengerjaan Tahap 2 (Lanjutan):
* Nilai Kontrak: Rp1.803.661.231,-
* Kontraktor: CV. Dua Putra Sunfazam
* Konsultan Perencana: CV. Luhur
* Konsultan Pengawas: CV. Abe Karya Konsultan
* Sumber Dana: APBDP Kabupaten Kebumen 2025 (DAU)
Total Akumulasi Anggaran: Rp2.777.361.231,-
Desakan Audit lan Tanggung Jawab
Ndeleng kahanan sing kaya kiye, warga wis mulai nuntut kepastian.
Masyarakat njaluk pihak pemborong lan pengawas aja "amem" baé. Kualitas bangunan sing "mlempem" kiye dadi cathetan abang nggo Dinas Pekerjaan Umum dan Penataan Ruang (DPUPR) Kabupaten Kebumen.
Warga siki njaluk anané audit fisik sing bener-bener transparan sedurungé kerusakane tambah parah.
Aja tekan dhuwit rakyat sing miliaran kuwi dadi muspra lan malah dadi kerugian negara sing luwih gedhé gara-gara garapan sing asal dadi.
Pelubiser by Wal



