GOMBONG, KEBUMEN – Rabu 25 februari 2026 .Gégér lurd! Saldo bantuan sosial (Bansos) nang jeroné Kartu Keluarga Sejahtera (KKS) duwéné Simbah Sartini (70), warga Desa Wonokriyo, Kecamatan Gombong, ujug-ujug ilang dadi kosong mlompong.
Kasus kiye dadi perkara merga birokrasi sing njlimet lan pengawasan bantuan nggo wong sepuh sing jebulé mbalé-mbalé pisan.
Kritik Pedhes: Birokrasi "Ping-pong" nggo Wong Tuwa
Simbah Sartini sing wis sepuh banget (lair taun 1955) dadi korban rewelé aturan administrasi. Critané, Simbah Sartini kon ngurusi saldoné sing ilang maring Bank Mandiri Cabang Gombong. Bareng wis tekan kana, malah dikongkon bali, terus dikon maring kantor bank sing nang Kebumen kota.
Jan, ora nggenah pisan! Bayangna lurd, wong wis sepuh kon rono-réne munggah angkot adoh-adoh mung nggo nyétak rekening koran.
Kiye jenengé ora duwé empati blas maring wong ringkih. Masa sistem pelayanan publik malah nggawé rekasa wong sing kuduné dibantu?
Alesan "Klasik": Saldo Ditarik Maring Kas Negara
Koordinator PKH Kecamatan Gombong ngomong angger saldo bantuané Simbah Sartini wis ditarik bali maring Kas Negara. Alesané, jéroné KKS kuwi ora ana transaksi utawa ora tau dijupuk nganti bates wektu akhir Desember.
Tapi, masyarakat ora nrimo alesan kuwi semono baé. "Lah, pendampingé wingi turu apa ngapa?" Kuduné pas masa transisi sekang Kantor Pos maring KKS Mandiri, pendamping kuwi sing sregep ngopyak-opyak lan mènèhi weruh, apa maning nggo lansia sing mbokmenawa ora paham urusan kartu ATM.
Pas nang kantoré, Koordinator PKH Gombong ngomong wis koordinasi karo pihak bank.
> "Wis dikoordinasikna karo bank lan Simbah Sartini. Wis ditindaklanjuti, muga-muga isih ana dalan nggo njupuk haké maning," jaréné.
Tapi pas ditakoni dasar hukumé apa kok saldo ditarik, pihak pendamping malah ngaku ora patiya ngerti aturan tulisé. Jaréné informasiné dadakan banget, mung jeda wolung dina sakdurungé bates wektu. Jan, nggawé bingung!
Aja Mung "Mangan Gaji" Tanpa Kerja Nyata
Kritik tajam ditujukna maring peran pendamping desa sing kuduné mestikna KPM (Keluarga Penerima Manfaat) nampa haké. Aja mung meneng baé nunggu laporan nang mburi méja.
Pihak PKH malah alesan angger tugasé mung sebatas pendataan lan urusan administratif. Nek urusan bank kudu maring Kebumen kota, ya jarané pancen aturané kono.
Padahal kuwi nggawé simbah-simbah kewalahan lan képonthal-ponthal.
Desakan Transparansi lan Evaluasi Total!
Kasus kiye dadi bukti angger transparansi kuwi rega mati. Aja nganti kendala teknis dadi alesan nggo ngilangna hak dasaré wong mlarat.
Munculé narasi nang media sosial sing malah nyalahna pihak sing kritik, jan-jané kuwi cara sing ora apik nggo nutupi boroké sistem.
Nganti berita kiye mudhun, warga isih nunggu janjiné PKH lan bank nggo mbalèkna haké Simbah Sartini. Kasus kiye dadi pepeling nggo Pemerintah Daerah Kebumen bèn SOP bantuan sosial kuwi luwih "nguwongna wong" lan ora nggawé mumet wong tuwa.
Catetan Redaksi:
Berita kiye dadi wujud fungsi kontrol sosial nggo ngawasi pelayanan publik lan nglindhungi hak-hak masyarakat miskin nang Kabupaten Kebumen.
Plubiser: red

