BANJARNEGARA – Sawise diprotes lan disomasi nang LSM Harimau, Pemerintah Kabupaten (Pemkab) Banjarnegara akhire njukut tindakan teges. Pemkab resmi ngetokna surat perintah kon ngandegna dhisit kabeh kegiatan produksi nang PT Superior Prima Sukses Tbk (Blescon) sing manggon nang wilayah Purwanegara.
Langkah kiye dadi bukti nek perjuangan masyarakat lan LSM Harimau nggo ngawal masalah perizinan nang Banjarnegara dudu dolanan. Keputusan kiye ketulis nang surat jawaban somasi sekang Sekretariat Daerah (Setda) Banjarnegara nomer 000/206/Setda/2026 tanggal 26 Februari 2026.
Surat Sekda Mudun, Produksi Kudu Mandeg!
Ketua Umum DPP LSM Harimau, Tony Hidayat, S.H., negasna nek metune surat kiye dadi kemenangan nggo aturan hukum lan masyarakat Banjarnegara. Pemkab Banjarnegara mrentahna PT Blescon kon ndang ngandegna kabeh aktivitas pabrike merga kabukti durung nduwe dokumen sing komplit.
"Surat sekang Sekda kiye dadi pengakuan resmi nek perjuangan LSM Harimau lan masyarakat nang lapangan pancen nduwe dasar sing kuat. PT Blescon kudu mandeg total merga durung nduwe Dokumen Lingkungan, PBG, lan SLF," jere Tony, Kemis (26/2/2026).
Tony uga ngomong nek Pemkab Banjarnegara ora mung mrentahna kon mandeg, tapi uga ngekei sanksi denda (administratif) merga pabrik wis wani produksi sedurunge izine dadi.
Urusan Hak Buruh Uga Kudu Beres
Sing dadi kawigaten liyane, Pemkab uga negasna soal nasib pekerja. Perusahaan dikon ndang ngrampungna urusan ganti rugi utawa kewajiban nggo karyawan sing jenenge Warsilo Adi sing tau kecelakaan kerja.
Kabeh kudu manut aturan BPJS lan Permenaker, ora olih dipere-pere.
Tony Hidayat uga matur nuwun banget maring Bupati Banjarnegara lan jajarane sing wis gelem ngrungokna aspirasi rakyat.
"Nyong apresiasi banget maring Bupati sing wis tumindak teges. Kiye buktine nek pemerintah daerah ora merem maring aturan. Angger salah ya disalahna, angger durung lengkap ya dikon mandeg dhisit," tambahe Tony.
Bakal Dikawal Nganti Mesine Mati Total
Senajan surat wis mudun, LSM Harimau ora bakal ucul pengawasan. Wong-wongane bakal terus mantau nang lapangan nggo mestekna mesin pabrik bener-bener mati nganti kabeh izine dadi 100 persen.
"Investasi mangga bae mlebu maring Banjarnegara, tapi aja pisan-pisan ngidak-idak aturan nang tanah kene.
Nyong bakal ngawal terus nganti pabrik kiye bener-bener legal," ujare Tony kanthi teges.
Kahanan nang lokasi PT Blescon siki katon sepi mamring, ora kaya biasane sing rame. Nganti berita kiye ditayangna, pihak manajemen PT Superior Prima Sukses Tbk (Blescon) durung teyeng dikonfirmasi utawa menehi penjelasan soal penghentian operasional kiye.
Plubiser: red

.jpg)