Semarang -blackasoetakebumen.com ORA NGAPAK ORA KEPENAK – Arus mudik neng wilayah Jawa Tengah taun kiye dadi omongan merga lancar jaya lan ora ana alangan sing berarti.
Para pemudik ngrasakna pisan bedane mudik saiki, utamane merga kondisi dalan sing wis dipoles dadi alus lan nyaman banget dibandhingna taun-taun wingi.
Gubernur Jawa Tengah, Ahmad Luthfi, nyampekna nek kelancaran mudik kiye pancen dadi asile kerja keras pemerintah mbangun infrastruktur dalan sing bener-bener dipikirna.
"Berkat dalan neng Jawa Tengah wis alus... ora perlu dikonten-kontenlah, sing penting masyarakat dewek sing ngrasakna lan mbiji," ujare Ahmad Luthfi mantap.
Dheweke uga negasna nek pemerintah ora mung mbangun, tapi ya terus ngawasi kondisi lalu lintas lan kesiapan jalur mudik.
Tujuane siji: supaya sedulur-sedulur sing mudik bisa tekan omah kanthi selamet, aman, lan ora krasa kesel.
Testimoni Pemudik:
"Mulus Kaya Glepung!"
Neng lapangan, senajan kendaraan katon rame, tapi kabeh isih mlaku lancar. Para pemudik neng terminal lan rest area ya katon tertib banget.
Salah siji pemudik asal Kebumen, Mas Seno, ora bisa ndhelikna rasa senenge pas ngrasakna dalan neng Jawa Tengah saiki.
"Dalan Jawa Tengah siki wis mulus kaya glepung, Lur! Rasane beda banget," critane Mas Seno karo sumringah.
Miturut Mas Seno, pembangunan neng jaman Gubernur Ahmad Luthfi kiye pancen gedhen-gedhenan lan asile nyata. Dheweke ngrasa kebijakan kaya kiye sing kudu terus didukung masyarakat merga paedahe langsung nancep neng rakyat.
Masyarakat liyane uga akeh sing ngalembana perbaikan dalan kiye. Perjalanan dadi luwih cepet, irit wektu, lan ora nggarahi awak pegel-pegel. Pemerintah dhewek ngarep-arep kondisi dalan sing apik kiye terus dijaga lan ditingkatna kanggo kenyamanan mudik neng taun-taun ngarep.
( Nanang sos )
