ORA ngapak ORA kepenak blackasoetakebumen.com ,ROWOKELE, KEBUMEN – Ora ana critane beda bendera dadi padu, sing ana malah dadi siji nggo gawe kebecikan! Dina Senen (16/3/2026) wingi, dalan raya ngarep Rumah Bale Ijo malih dadi rame lan sumringah. DPC PSI Rowokele karo PAC Pemuda Pancasila (PP) Rowokele pamer kekompakan bagi-bagi 500 paket takjil gratis nggo warga sing lagi liwat.
Beda Klambi, Siji Ati
Senajan sing siji nganggo seragam loreng oranye lan sijine nganggo atribut partai, kabeh katon guyub rukun. Tri Anti Dewisuswita, Ketua DPC PSI Rowokele, negasna nek momen Ramadhan kiye dadi bukti nyata nek sinergi kuwe luwih penting tinimbang mung mikirna bedane organisasi.
"Dewe pengin dadi banyu adhem nggo masyarakat. Ora usah kakehan debat, sing penting tumindake nyata, mbantu wong sing lagi lelungan ben bisa buka puasa gasik," jere Tri Anti karo sumringah.
Ana Mas Eko OKK DPD PSI Kebumen, Swasana Tambah "Sempurna"
Sing nggarahi tambah mantep, acara kiye uga ditekani langsung nang tokoh sekang kabupaten, yaiku Mas Eko selaku OKK DPD PSI Kabupaten Kebumen. Rawuhe Mas Eko nambah semangat para kader nggo blusukan maring tengah dalan mbagekna takjil.
Mas Eko nyampekna nek aksi kolaborasi kiye pancen dadi contoh sing apik nggo wilayah liyane nang Kebumen. "Kiye nembe jenenge pemuda lan politisi sing merakyat.
Ora kaku, malah dadi siji karo Pemuda Pancasila nggo njaga kerukunan," ujare Mas Eko.
Ludes Ora Nganggo Suwe!
Ketua PAC Pemuda Pancasila Rowokele, Lintang Aji, S.E., uga nambahi nek aksi kiye dadi bukti nek PP lan PSI Rowokele kuwe solid banget. 500 paket takjil sing disiapna langsung ludes des ora nganti sejam! Warga sing lagi numpak motor utawa mobil katon seneng banget nampa takjil kuwe.
Bar acara rampung, kabeh rombongan langsung lanjut Buka Bersama (Bukber) nggo nambah raket pasedulurane. Ora mung nggo ngebaki weteng sing ngelih, tapi nggo ngebaki rasa paseduluran sing tambah kenceng.
Plubiser:red






