SEMARANG Ora Ngapak Ora Kepenak BlackasoetaKebumen.com - Nang tengah-tengah ramene wong padha tura-turu,omon omon, (omong-omongan) nang media sosial, Irjen Pol. Ahmad Luthfi malah ngetokna gaya kepemimpinan sing adhem lan semanak. Bukane gampang nesu nek dikritik, Pak Luthfi malah milih ngrangkul kabeh masukan nggo dadi energi mbangun daerah.
Pas acara paseduluran "Silaturahmi lan Buka Bersama Sahabat Luthfi Jateng" nang Gedung Gradhika Bhakti Praja, Setu (14/3), Pak Luthfi negasna nek kritik sekang masyarakat kuwe ibarate "pecut" sing nggarahi dheweke kudu luwih mempeng kerjane.
"Nyong ora tau ngrasa dilarani utawa didzalimi. Apa bae sing diomongna masyarakat nang medsos kuwe dadi pecut nggo nyong lan kanca-kanca pejabat publik ben kerjane luwih mempeng maning," ujare Pak Luthfi karo kalem nang ngarepe atusan relawan.
Ora Perlu dadi Superman, Sing Penting "Super Team"
Pak Luthfi nandesna nek tantangan nang Jawa Tengah kuwe ora bisa dirampungna nang wong siji tok. Dheweke ngenalna jargon "Super Team", dudu dadi pahlawan dewekan kaya Superman.
Miturut dheweke, mbangun daerah kuwe kudu nganggo dasar Tepo Sliro lan semangat gotong royong. "Kerja kuwe ora olih dewekan, ora olih karepe dhewek, apa maning ngrasa paling bener. Kabeh komponen masyarakat kudu melu mbangun bareng-bareng," tegase.
Semangate Relawan:
Mlaku 5 Jam Demi Perubahan
Semangat kolaborasi kiye dibuktekna nyata nang para pendukunge. Ana sekitar 630 wong sekang nem Koordinator Wilayah (Korwil) Sahabat Luthfi sing teka padha lesehan bareng, ora ana sekat.
Sing paling hebat, ana rombongan sekang Kebumen. Rizal, salah siji perwakilan relawan, ngomong nek adoh kuwe dudu dadi alangan nggo aweh dhukungan.
"Sekang Kebumen dewek tetep semangat pol! Ana 26 Korcam lan siji Korkab sing teka. Senajan kudu mangkat gaspol perjalanan 5 jam, dewek tetep anteng lan konsisten nang ngisor komando Mas Seno demi Jawa Tengah sing luwih apik maning," jere Rizal karo semangat.
Pemimpin sing Gelem Ngrungokna
Acara sing khidmat kuwe uga ditekani nang Pj. Gubernur Jawa Tengah lan tokoh-tokoh masyarakat liyane. Ketone Pak Luthfi pancen cedhak banget karo rakyat—wiwit sekang tani tekan bocah-bocah milenial.
Sikap asor (rendah hati) lan tinarbuka kiye diarep-arep bisa dadi pondasi sing kuwat nggo nglayani masyarakat Jawa Tengah mbesuke.
Plubiser:red







