🏡 KANTOR REDAKSI BLAKASUTA NEWS: DESA KALIBEJI RT.04 RW.01 KEC.SEMPOR — KAB.KEBUMEN, 💯 APA ADANYA, UNTUK INDONESIA 🇮🇩

Halalbihalal Nang Wulan Syawal, S3K Kumpul Guyub Rukun Nang Omahe Ketua Umum



Kebumen ORA ngapak ORA kepenak blckasoetakebumen.com – Momentum wulan Syawal asih dimanfaatna banget nang anggota S3K nggo ngguwatna tali silaturahmi. Lewat acara kopsan, arisan, tahlilan, sisan Halalbihalal (HBH) tanggal 26/3/26, kabeh anggota padha kumpul nang omahe Kang Herman selaku Ketua Umum. 

Suasanané katon anget banget lan kebak rasa paseduluran.

Saka awal nganti rampung acara, katon para anggota padha guyub rukun. Ora mung sekadar kumpul-kumpul thok, tapi uga dadi ajang nggo padha njaluk ngapura lan nyambung paseduluran sakwise momen lebaran.

Kang Herman sing dadi tuan rumah, nang sambutané ngaturaken rasa matur nuwun sing tulus nggo kabeh anggota sing wis gelem teka lan ngréwani ngramekana acara kuye.

Enyong matur nuwun banget, sedulur kabeh wis padha teka.. Muga-muga kebersamaan kiye tambah ngencengi paseduluran lan nggawa berkah nggo awake dhewe kabeh,” ujare Kang Herman.

Dheweke uga ora kelalen njaluk ngapura mbok menawa ana kekurangan pas lagi nyambut tamu, mbuh kuwe saka suguhane (konsumsi) apa omongane sing mbok menawa kurang kepenak.

Nyuwun pangapura sing sagedhe-gedhene mbok menawa ana sing kurang sreg nang atine panjenengan kabeh,” tambahe deweke.

Acara sing diisi karo tahlilan, donga bareng, lan ramah tamah kiye mlaku lanyar tanpa ana alangan apa-apa. Suasanane santai tapi tetep khidmat, nggawé acara kuwe dadi lewih berkesan nggo kabeh sing teka.

Nang pungkasan acara, Kang Herman duwe pengarep-arep supaya kegiatan kaya kiye bisa terus mlaku lan mbesuk-mbesuk teyeng lewih meriah maneh.

“Harapané, pertemuan mbesuk-mbesuk bisa lewih ramé, lewih meriah, lan sing paling utama paseduluran tetep dijaga kenceng,” pesené.

Kanthi diananakna acara kiye, S3K mbuktekna nek rasa kebersamaan lan kekompakan antar anggota esih kuwat banget, utamané nang wulan Syawal sing dadi wektu paling pas nggo padha ngapura-ingapura lan ngguwatna silaturahmi.

Royo

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Newsletter

Copyright

Formulir Kontak