🏡 KANTOR REDAKSI BLAKASUTA NEWS: DESA KALIBEJI RT.04 RW.01 KEC.SEMPOR — KAB.KEBUMEN, 💯 APA ADANYA, UNTUK INDONESIA 🇮🇩

Sejarah lan Filosofi Basa Ngapak (Penginyongan) Kemurnian Basa Jawa Kuna

 


Ora ngapak ORA kepenak blackasoetakebumen.com kebumen,-Akeh wong sing ora paham nek sejatine Basa Ngapak kuwi dudu basa "salah kedaden". Basa kiye malah dadi bukti kemurnian basa Jawa kuna utawa Sansekerta sing isih dijaga tekan seprene. Jaman dhisit, kabeh wong Jawa kuwi ngomong nganggo vokal "A" sing mantep. Nalika wilayah Solo lan Jogja mulai ngowahi vokal dadi "O" amarga pengaruh budaya keraton, wong-wong nang tlatah Banyumasan tetep setya marang pakem asli: 

Mangan ya mangan, ora dadi mangon.

Pengaruh Geografis lan Jarak Sekang Keraton

Sejarah nyathet nek tlatah barlingmascakeb  Banyumasan kuwi manggone nang mburine Gunung Slamet lan adoh sekang pusat papréntahan Mataram Islam nang jaman biyen. Jarak geografis kiye sing dadi "benteng" alami, saengga budaya lan basane ora kakehan kena pengaruh standarisasi basa keraton sing luwih alus lan ngenal tingkatan kasta. Wong Ngapak luwih milih tetep dadi awake dhewek.

Watak Blakasuta lan Egaliter

Basa Ngapak dudu mung soal logat, tapi soal mentalitas. Logat sing tegas (nganggo fonetik b, d, g, k sing mati/mantep) nggambarake watak 

Blakasuta—yaiku jujur, apa anane, lan ora ana sing ditutup-tutupi. Nang kene, basa dadi alat pemersatu sing Egaliter. Ora mbedak-mbedakake drajat lan pangkat, kabeh sedulur, kabeh padha dhuwure.

Identitas "The Real Java"

Nganti saiki, basa Ngapak dadi simbol perlawanan budaya sing unik. Sanajan dunya wis modern, wong Ngapak tetep bangga nganggo basane dhewe merga kuwi warisan leluhur sing paling asli. 

Basa Ngapak kuwi "fosil urip" sing mbuktekake nek dadi wong Jawa kuwi ora kudu tansah mendhelut, tapi bisa uga dadi wong sing teges lan jujur. 

ORA ngapak ORA kepenak 

Redaksi 

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Newsletter

Copyright

Formulir Kontak