🏡 KANTOR REDAKSI BLAKASUTA NEWS: DESA KALIBEJI RT.04 RW.01 KEC.SEMPOR — KAB.KEBUMEN, 💯 APA ADANYA, UNTUK INDONESIA 🇮🇩

Kisah Haru Edi Rusidi: Bayar Nazar Mari Lumpuh, Mudik Mlaku karo nyurung Gerobak Siomay

 


ORA ngapak ORA Kepenak blackasoetakebumen.com , Cilacap. Nang tengah-tengah wong sing pada rebutan mudik numpak motor utawa mobil, ana crita sing maen banget sekang bakul siomay jenenge Edi Rusidi (50). Demi mbayar nazar merga wis mari sekang lara sikil, Pak Edi milih mudik mlaku adohé 130 kilometer karo nyurung gerobak dagangane.

Lakon sing butuh tenaga "ekstra" kiye diwiwiti Pak Edi sekang Sampang, Cilacap, kawit dina Senen (16/3) jam enem esuk. Targete dheweke, muga-muga bisa tekan umahe nang Desa Banyumudal, Kabupaten Pemalang, dina Jemuwah (20/3) mbengi.

Mbayar Janji Nang Ndhuwur Aspal

Aksi nekat wong sing wis setengah umur kiye dudu tanpa alesan. Pak Edi ngomong nek lakone kiye dadi wujud syukur merga wis diwenehi waras maning. Rong taun kepungkur, dheweke tau kecelakaan parah nganti dhengkule ucul (dislokasi) lan ora bisa mlaku.

 "Disit tau kecelakaan sikile, nganti ora bisa mlaku, dhengkule di operasi.  nyong Nazar, nek bisa mari nyong pengin mlaku (pas mudik)," jere Pak Edi pas nembe tekan wilayah Bojongsari, Purbalingga, Selasa (17/3).

Kira-kira Papat Dina Mlaku

Nek numpak motor, sakjane Cilacap maring Pemalang kuwi paling mung butuh wektu telung jam utawa patang jam. 

Tapi nggo Pak Edi, wektu dudu dadi masalah. 

Dheweke wis nyiapna fisik karo mental nggo ngentokna wektu patang dina nang dalan.

"Adohé kira-kira 130 km. Nek mlaku , tak kira-kira butuh wektu patang dina patang mbengi," tambahe dheweke karo katon semangat pisan.

Nggawa Gerobak Maring Kampung

Sing nggarai wong gumun, Pak Edi ora mung mlaku thok, tapi ya karo nyurung gerobak siomaye nang sadawane dalan lintas provinsi. Alesane nggawa gerobak merga dheweke pancen niat arep nerusna dodolan siomay nang Pemalang nggo nggolet panguripan setekane nang kana mengko.


Aksine Pak Edi kiye sempet dadi omongane wong-wong karo sing pada liwat nang dalan. Akeh sing aweh jempol lan salut merga kegigihane nuhoni janji (nazar) sing wis tau diucapna.

Plubiser:red 

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Newsletter

Copyright

Formulir Kontak