🏡 KANTOR REDAKSI BLAKASUTA NEWS: DESA KALIBEJI RT.04 RW.01 KEC.SEMPOR — KAB.KEBUMEN, 💯 APA ADANYA, UNTUK INDONESIA 🇮🇩

Lansia Satus Taun Nang Buluspesantren "Kepancal" Bantuan Rutin, Administrasi Desa Dipertanyakan

 



KEBUMEN, ORA ngapak ORA kepenak Blckasoetakebumen.com, – Kahanan ngenes nempa Mbah Nasrudin, warga Desa Rantewringin, Kecamatan Buluspesantren. Senajan usiane wis punjul satus taun lan fisik wis ora daya, nyatane Mbah Nasrudin "kepancal" utawa durung nampa jatah bantuan sosial rutin (Bansos) sekang pemerintah. 

Fenomena iki nambahi dowo daftar carut-marut pendataan warga miskin lan lansia ing tlatah Kebumen.

Mung Tau Nampa Kursi Roda, Perut Ora Bisa Ngenteni,

Senajan jaman wis maju lan program kaya PKH (Program Keluarga Harapan) utawa BPNT (Bantuan Pangan Non Tunai) digembar-gemborake, Mbah Nasrudin nyatane mung tau nampa bantuan kursi roda sekang Dinas Sosial (Dinsos) Kebumen. 

Pancen, kursi roda kuwi maedahi kanggo obah, nanging ora bisa kanggo nambal butuhe weteng saben dinane.

Pihak keluarga liwat putune ngaku wis bolan-balen ngajokake usulan maring pihak desa supaya mbah buyute kuwi mlebu daftar penerima bantuan rutin.

"Sing dikarepaken keluarga ya Mbah Nasrudin nampa bantuan rutin. Saiki kan program pemerintah nggo wong ora nduwe akeh temen, nanging nyatane durung ana sing mlebu mriki," ujare salah siji anggota keluargane kanthi nada kuciwa.

Ironi Administrasi: 

Undangan Pilkades Teka, Bansos Ora

Sing dadi kritikan pedhes yaiku masalah validitas data desa. Sanajan jenenge Mbah Nasrudin ora tau "nyantol" nang daftar bansos, anehne jenenge isih aktif lan tetep nampa undangan acara politik kaya Pilkades. Iki nuduhake yen pendataan ing tingkat desa luwih fokus maring urusan birokrasi administratif tinimbang urusan kemanusiaan lan kesejahteraan.

Kahanan iki kudune dadi tamparan nggo Pemerintah Desa Rantairingin lan Dinsos Kebumen supaya mriksa maning sistem DTKS (Data Terpadu Kesejahteraan Sosial). Aja nganti pendataan mung dadi formalitas ing ndhuwur kertas, nanging kasunyatane ing lapangan isih ana lansia satus taun sing "keliwat".

Butuh Tindak Lanjut Cepet

Warga lan keluarga njaluk supaya pihak terkait, utamane Tenaga Kesejahteraan Sosial Kecamatan (TKSK) lan Perangkat Desa, langsung mudhun nindakake verifikasi faktual. Mbah Nasrudin dudu mung butuh simbol perhatian, nanging butuh jaminan urip ing masa tuwane sing wis ringkih.

Ojo nganti jargon "Kebumen Semarak" utawa program kesejahteraan liyane mung dadi slogan semu yen nyatane warga sing paling berhak malah ORA nampa..


Mas Royo

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Newsletter

Copyright

Formulir Kontak